JARE ORA ENTUK MUDIK..KOK PACITAN MBLUDAK...DAK.. - PACITANPOST

Jumat, 07 Mei 2021

JARE ORA ENTUK MUDIK..KOK PACITAN MBLUDAK...DAK..

Suasana alun alun pacitan penuh pemudik

Pacitan Ppos.08.05.021.
Ora kurang akal, ora entuk mulih tanggal 6 yo mulih sak durunge, ora entuk numpak mobil yo numpak motor , ora entuk numpak bis yo gandol truk.

Sing penting iso mulih,  kumpul sanak sedulur ,  sungkem marang wong tuwo , mangan ora mangan sing penting kumpul.

Semboyan iku , semboyane wong jawa, utamane saben saben  riyoyo teka, ora peduli ora duwe duit, ora peduli akeh penyakit  sing penting iso lebaran bareng.

Mulo ora sah kaget , nek iki dina kota Pacitan kondisine rame pol , utamane dikebak'i  wong wong sing  saka paran  

Mobil Apik apik  pating sliwer ,  ngebak..i..parkir toko toko gede lan super market ,  rame jejel uwel tuku klambi anyar lan panganan kanggo riyayanan.

Koyo sing diomongke  Sanusi, budal saka jakarta tanggal 4 Mei lan teko pacitan tanggal 5 subuh numpak bis Aneka Jaya.
Sanusi nekad mulih, merga pekerjaane mung bakul cilok ning Jakarta , dadi ora kenek peraturan perusahaan.

Ditakoni opo ora wedi korona , Sanusi njawab  bosen karo sing jenenge korona, awal awal aku wedi mas, tapi saya suwe wis biasa , sing penting ora lepas Masker  lan  tetep disiplin Prokes .

Sanusi ditakoni kapan bali Jakarta, engko keri keri mas ndelok kahanan disik, wong aku nyantai kok, alun alun pacitan rame yo mas...saya asri  puji Sanusi.

Praktis ! sing tangisan China  ora isa mudik , muk Polisi.TNI.ASN.lan karyawan BUMN lan Swasta , Sesuai aturan Pemerintah ora entuk mulih  merga corona sing ijik mobal mobal  ning ndi ndi nggon.

Sing gumun, mesiho pembatasan mudik dilarang Pemerintah , kok kota cilik kaya Pacitan ijik panggah rame banget , seolah olah ora enek bedane karo sak durunge corona .

Kocapo..!  Ternyata ning dalan akeh sing dadi guide lewat dalan dalan kampung sing ora dicegat  aparat, kadang lewat mbulak , kadang  dalan trabasan sing urung diaspal, sing penting isa teko omah..nah lho...(tim)





Usut punya usut , 












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda