KOMISI II DPRD, SOAL COVID OMPONG GEYONG..? - PACITANPOST

Kamis, 13 Mei 2021

KOMISI II DPRD, SOAL COVID OMPONG GEYONG..?

Tejo Kusmoro Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan.

Pacitan Ppos.14.05.021.
Himbauan Pemerintah ojo mudik, sakjane ora kurang kurang , TNI Polri . Kemenhub saben dina nyegati ana dalan dalan , ben ora sida mudik.

Alhasil , sebagian iso dipenggak bali lan sebagian iso mbrojol lewat dalan tikus / alternatif sing dipandu penduduk lokal , tentu wae krana bayaran duwur.

Akibate ,  masio   akeh sudane  wong kang mudik, tapi tetep wae ijik akeh sing teka , utamane sing mudik sak durunge tanggal 6 mei.

Wis isa ditebak , penyebaran Covid uga meningkat tajam , salah sijine akibat perilaku pemudik sing ora disiplin , kluyar kluyur sak geleme dewe , jejel uwel ngebak..i..toko  mborong barang keperluan lebaran.

Tradisi blonjo keperluan lebaran sakjane ora mung para pemudik , ananging warga lokal pun uga jejel uwel ana pasar pasar,toko toko lan tempat wisata .


Sing repot , ijik akeh sing ora memperhatikan prokes, ora gelem nganggo masker ,grubyuk mrono grubyuk mrene tanpa jarak sing aman.

Saiki kabeh wis kadung dadi bubur, covid mbledos maneh , akeh sing diisolasi lan  akeh sing mati , masiho jumlahe  ora koyo ndisik.

Sepanjang musim Corona , dinas sing remuk dicaci maki ora enek liyan kecuali Dinas Kesehatan , padahal ijik enek satgas Covid lan lembaga pengawasan, koyo to lembaga DPRD .

Sayang ! Sebagai wakil rakyat ,  lembaga DPRD ora enek suarane , ora krungu kiprahe  saat Covid mewabah secara luas, menyengsarakan rakyat .

Wong lara pating gletak  , wong  mati pating glinting ,  sing sehat  tengor tengor bingung ale golek butuh.
Ngono..lho.. Dewan yo mung nyawang bingung karepe dewe, protes warga sing or gelem diwartakne.

Tejo Kusmoro sebagai Ketua Komisi II DPRD Pacitan , ora gelem disalahne merga kabeh iku maeng wis dikoordinir karo dinas terkait lan Satgas Covid 19.

Tejo pancen ngakoni, komisine urung pernah ngenekne aksi pengawasan langsung ke lapangan , nanging bukan berarti komisi 2 ora berbuat, minimal tekan tekon menyang dinas kan pada wae, jare Kader Golkar enteng.

Sementara Rony Wahyono Ketua DPRD Pacitan pancen  ngakoni , seprono seprene ,,  komisi 2 urung enek laporan kegiatan lapangan, cobo nanti tak cek nya,  , ujar Putra Bupati Pacitan H.Suyono via telpon .

Terkait tudingan sebagian  masyarakat ,   komisi 2 DPRD Pacitan jare ora berbuat opo opo ( alias ompong geyong )  ditanggapi kalem sekretaris komisi Rudi Handoko.

Wis ben mas, hak rakyat menilai wakile ana dewan , sak ora orane kanggo introspeksi komisi  2 ben ale kerjo saya apik.
Rudi Pancen ngakoni , komisine urung pernah terjun lapangan , merga kabeh iki mau bab kahanan sing urung pas.

Tapi sing perlu dicatet,  secara individual , anggota komisi 2  terjun langsung menyang Masyarakat,  mbantu sak gaduk gaduk..e..ngentaske kesusahane warga sing kenek Covid ,uga warga sing terdampak Covid.

Tokoh Warga Masyarakat Tulakan iki njaluk, masalah Covid ojo mung pada cuh cinucuh wae , tapi kudu tanggung jawab kabeh  ,elemen masyarakat , yo eksektif , Satgas lan Dewan , ananging sing paling utama, Masyarakat kudu disiplin Prokes, iku kunci, jare Rudi...( Gustik)



















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda