ORA DUMEH RELEGIUS LAN SUGIH , BUPATI NOVI NYATANE JIK GOGOT TENAN WERUH DUIT...PANTESAN...! - PACITANPOST

Senin, 10 Mei 2021

ORA DUMEH RELEGIUS LAN SUGIH , BUPATI NOVI NYATANE JIK GOGOT TENAN WERUH DUIT...PANTESAN...!

Bupati Nganjuk Novi sempat jadi idola anak muda...kini dicokok KPK ..

Pacitan Ppos.10.05.021.
Ora dumeh anak Kiai, Religius ,Ganteng,lan Sugih, menungsa nek Imane  tembre tembre  weruh duit tetep ijik clegukan.

Buktine Bupati Nganjuk Novi Hidayat, iki dina dicokok KPK merga dol pinuku jabatan ning Wilayah penguasaane Nganjuk.

Novi sempat viral ana Media sosial, sebagai Idola masa depan , merga sugih.bojone Ayu,ijik enom , agamane apik , malah jare uga loman.

Ternyata Bupati Novi klebu Bupati kurang ajar, bayangkan ! mung arep dadi perangkat desa wae kudu setor nyang Bupati antara 10 juta nganti 15 jt.

Arep dadi Kepala Dinas sing rada empuk , info  kabar manuk , Wakil Ketua DPW PKB Jatim iku mungut biaya berkisar 40-50 jt , klebu arep dadi Kasi /Kabid si Novi uga njaluk setoran 20-30 jt.

Dasar wis wayahe apes , maeng awan 10/05 Novi ditangkep KPK kerja sama Kepolisian Republik Indonesia.

Novi sing Jarene sugihe pitung turunan, diglandang  ditumpakne montor mabur nyang Jakarta saperlu dipriksa kanggo nentokne Statuse, tapi info sing berkembang Novi wis dadi Tersangka.

Novi ditangkep bareng wong sepuluh , utamane anak buahe ana Pemkab Nganjuk , sing dadi cucuk laku ,, malak ,, sapa sing pingin dadi Kepala Dinas  , Termasuk  klebu sing pingin dadi bayan utowo Kami tuwo.

Mulo Kasus Palak memalak lelang Jabatan ana Nganjuk ,kudu dadi kaca brenggala Bupati Pacitan sing lagi dilantik,ojo gelem diblekoni setaf setaf sing ambisi , ojo gelem nuruti bekas tim sukses sing gowo jago calon kepala Dinas lan sak piturute.

Bupati crongoh , sing kulino dol pinuku jabatan , termasuk Bupati mendo sak mendo mendone wong urip , opo yo ramikir nek calon pejabat  sing ora duwe duit mesti mangkel,  omong kono omong kene, suwe ning suwe dilaporne,kapok.

Awale Casing Bupati Nganjuk , koyo koyo ngidap idapi, pinter cramah, Kader Partai Islami , bojone Ayu ,lan isih enom , wah hebat nih...
Tibak'e Casinge ora podo kelakuane.

Kabupaten Nganjuk, klebu Kabupaten ning Jawa Timur  sing Bupatine utawa Pejabate sing  Bola Bali kecekel KPK merga hal serupa, yo kui seneng ngembat duite Rakyat,...mugo ..mugo Pacitan Slamet....(Gustik)







Bagikan artikel ini

1 komentar