WARNING...! ..OJO PISAN PISAN BUPATI - WAKIL BUPATI DOLANAN PROYEK....KPK SIAP NGINDIK...... - PACITANPOST

Sabtu, 08 Mei 2021

WARNING...! ..OJO PISAN PISAN BUPATI - WAKIL BUPATI DOLANAN PROYEK....KPK SIAP NGINDIK......

            bupati dan wakil bupati Pacitan

Pacitan Ppos 09.05.021.
Gandeng rata rata Pemimpin Kepala Daerah sing dicokok KPK  80 % perkara Proyek, enek apik..e..Bupati /Wakil Bupati Pacitan sing anyar kudu ati ati.

Ojo gembes perilakune bekas Tim Sukses , sing biasane pingin njaluk balen  lan njaluk fasilitas liyane.

Kejaba ngono, Pacitan sing selama iki ayem tentrem ora nate kenek masalah gede, ojo nganti  Pereode Pasangan nyawji Sumrambah iki malah slentam slentem dolanan Proyek.

Mulo masyarakat kudu sering elek elek, sering menehi masukan ,klebu LSM lan Media , ojo juweh ngandani barang sing apik.

Dene  modus modus sing perlu dicermati , hubungan  eksekutif lan Legeslatif utamane bab kapling kegiatan arupo Jasmas.iso wae Bupati /Wabub ijik titap titip karo kolegane ning Dewan via Fraksi.

Modus sing drawasi maneh, Bupati/Wabub  milah milah paket kegiatan sing dilelang, ketok mrengkel lan regone apik  biasane  main tunjuk kolegane sing dimenangke , ujung ujunge setoran upeti.

Kasus kasus besar kepala Daerah , sering kepleset  , merga sering  main serong mbek pemborong lan Kepala Dinas.

Kanggo antisipasi ben aman , luwih becik'e Pihak Polres , Kodim lan Kejaksaan ,kudu sering sering ngenekke Bimbingan langsung ke Pemimpin Daerah, minimal ben jo pingin duit haram sing kadang nglunturke iman lan sumpah jabatan.

Mulo kanti niat , kabeh ben pada slamet, menurut rencana, beberapa Media, LSM arep ngenekke Silaturahim lan tukar pendapat karo Polres , Kejaksaan ,DPRD lan Sekda Pacitan. 

Jare Nofa pentolan Pacitan Couruption Watch, silaturahim menyang forkomminda jan jane wis direncakan suwe, nanging merga kesibukan dewe dewe ditambah senior  PCW enek sing sedo , mulo dirunda  sementara ..(tim)







 




 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda