AKEH WONG GANDUL...OPO MERGA WIS JUDEG ORA ISO MADANG...USTAD PERLU MUDUN..! - PACITANPOST

Minggu, 13 Juni 2021

AKEH WONG GANDUL...OPO MERGA WIS JUDEG ORA ISO MADANG...USTAD PERLU MUDUN..!


Pacitan Ppos.11.06.021.
Pirang pirang sasi iki, warga masyarakat Pacitan akeh sing mati bunuh diri,rata rata mati gandul.
Bahkan seminggu kepungkur ,  ana wong loro ( 2) sing mati gandul , korban kabeh wis sepuh sepuh.

Alesan bunuh diri macem macem, informasinya,  ana sing wis bosen irip merga umure' wis luwih saka 100 tahun, nanging yo enek sing alesan kadung  judeg bab ngrasakne'  urip.

Terlepas alesan opo wae, sing jelas ana persoalan urip ana bumi Pacitan, mbuh iku masalah ekonomi, mbuh iku masalah keluarga utowo masalah masalah liyane'.

Mulo akeh sing nyaranke', pejabat Pemkab Pacitan ora kenek liha liha bab masalah bunuh diri , minimal kudu menehi sesulih karo wargane bab mental.

Iso wae Bupati ngonkon poro ustad mudun, membina mental melalui pengajian pengajian rutin ,utowo ngongkon camat ngramut wargane sing apik , menehi semangat urip sing apik , sykur syukur iso ngentaske persoalan wong cilik sing kerap dadi persoalane'.

Rata rata wong bunuh diri me`h kabe`h korbane ' wong cilik, nek cah enom yo mesti anake wong mlarat , ning ne`k wong tuwe`k mesti  korbane' uga wong mlarat.
Kuwi Artine', wong cilik  mesti e`ne`k persoalan urip sing abot dipikul.

korban mbah Silah, umur 100 alesan bosen urip.

Mulo saka kui, kabeh Pajabat kudu ngerti persoalan wargane',luwih luwih akhir akhir iki korban bunuh diri dimasa masa Pandemi, enek opo?.

Pejabat ora entuk cue`k, ora entuk mung gunting pita kono kene', ora entuk ropat re'pe't wae' sing ujung ujunge' mung ngentekne' snack .
Tapi kudu digoleki persoalane' opo ? kok warga Pacitan akhir akhir iki akeh sing mati gandul...

Anane' diangkat dadi Camat, dadi Bupati lan dibayar gede' marang Rakyat , iku tujuane' dadi pemimpin sing amanah, sing iso ngayomi wong mlarat lan wong sugih.

Cekak aose'  , akeh kasus bunuh diri ana Pacitan akhir akhir iki,  kudu dadi cermin pejabat ana Pacitan ,Kades, Camat,Dewan lan Bupati kudu mudun golek'i  persoalan sing sak benere'.

Jangan jangan ! Di masa Pagebluk iki ana Pacitan gowo dampak ekonomi sing abot disonggo rakyat.
Iso wae' anak bapak kesruh mergo raiso madang mergo anak'e ora nyambut gawe , iso wae suami istri tukaran merga ekonomine morat marit , iso wae lagi nandang gerah tapi raiso tuku obat, akhire pilih bunuh diri.

Mugo mugo kanti persoalan iki, pejabat pacitan gek gumregah sering nilik'i wargane,utamane wong cilik cilik sing secara langsung terdampak anane pagebluk,sing urung bar...( Ditulis oleh Pimpinan Redaksi Pacitan Post Group)
















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda