GANJAR PANCEN DI SEKID...BEN OJO ISO NYALON...JARE AKEH KASUS.. - PACITANPOST

Selasa, 01 Juni 2021

GANJAR PANCEN DI SEKID...BEN OJO ISO NYALON...JARE AKEH KASUS..

  Ganjar Pranowo layu sebelum berkembang

Pacitan Ppos ,01.06.021.
Angel...angel...! 
Wani dolanan Politik kudu wani lara ati, kudu wani wirang lan kudu wani kelangan banda.

Kaya sing saiki dilakoni Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo, ora enek udan ora enek angin , ujug ujug kesampluk masalah , jare kemajon ale ambisi dadi Presiden.

Bambang Pacul bahkan, nganti ngelokne Ganjar wong keminter , ning jane ora pinter, ambisine gede  nanging bandane cupet , ( merujuk pilgub 2018 ).

Ternyata PDI Perjuangan utamane Ketua Umum, kabar manuk  , ora ngrestui Ganjar merga enek pirang pirang alesan, antarane Ganjar dipandang ora resik , diduga terlibat korupsi E.KTP lan liya liyane , klebu ora mbelo wong cilik naliko anane Pabrik Semen ning wilayah rembang.

Ganjar uga dinilai ora peka kondisi perpolitikan ana DPP, sing nyata nyata arep ngajokne putri MAhkota Puan Maharani, sekalipun survy Puan jeblok.

Terkait alesan Ganjar ora resik, akeh pengamat mbijeni, nek iku mung akal akalan wong DPP  sing ngebet ngejokne Ketua DPR Puan Maharani .
Jare Roky , kok ngomong Ganjar  ora resik lagi saiki, ora kawit ndisik pas lagi arep nyalon Gubernur..?

Kanti alesan sing katon digawe gawe , Ganjar Pranowo ,   pancen diamputasi kaya sikil sing bar tibo ora kenek ditambani , utawa ibarat kembang ! layu sebelum berkembang...

Ananging pemikiran pengurus DPP terkait akeh cacat..e' Ganjar uga enek benere, sebab nek sido maju tenan , bakal diserang kanan kiri , utamane bab dugaan korupsi E.KTP, sing nalika semana Ganjar sempat dipanggil KPK.

Tapi yo embuh , jenenge Politik sesuk abang , sesuk..e' ijo yo isa , kabeh mung gumantung sing ngecat lombok..(gustik)













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda