KADUNG ADOL SAWAH... NANGIS DLOLO RASIDO BUDAL KAJI... - PACITANPOST

Rabu, 09 Juni 2021

KADUNG ADOL SAWAH... NANGIS DLOLO RASIDO BUDAL KAJI...


Pacitan Ppos 10.06.021.
Carut marut informasi haji tahun 2021, berdampak secara pisykologi marang calon jemaah haji Indonesia termasuk Chj Pacitan.

Sebut wae jenenge ( S), iki dina keluargane stres merga ana odo odo ora sido budal kaji, padahal biaya budal kaji sebagian saka duit adol sawah sepathok.

Jare keluargane' umur ( S)  70 tahun , wedi nek mende' mende' ale budal selak keburu sepuh ora kuat mlaku ,utowo keterjang laran laranen /sakit sakitan.

Mulo saka kui keluarga ( S ) , njaluk marang priyayi sing kejibah  pemangku Pemerintah Indonesia klebu Pemkab Pacitan terkait informasi kaji tahun 2021 piye amrih  jelase' , sido budal opo ora.

Selama ono odo odo batal budal, CJH urung  entuk  kejelasan secara pasti saka panitia Haji ,piye solusine , utamane wong sing wis kadung sepuh , sing ora memungkinkan  5  tahun mengarep lagi budal..

Slarang slurup penanganan Haji tahun 2021, memang wis dadi une`n une`n rakyat Indonesia,, sebab,,disatu sisi Kerajaan Arab Saudi urung menehi kabar ,tapi pemerintah Indonesia wis kadung mbegog mbatalke sepihak.

Kementrian Agama seolah  olah ora peka marang kondisi Calon Jemaah Haji Indonesia  sing  sawetara iki ijik duwe harapan budal,tapi sayang  Mentri Agama mlaku sak karepe dewe,   kladuk mutusne CJH ora sido budal..


Informasi sing berkembang , mentri agama dipadoni Presoden Joko Widodo bahkan enek isu arep diganti.
Konon Presiden  rumongso  isin marang  sikap sing dinilai ora pro rakyat..( gustik )








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda