KAWIT NDISIK MUK PREDIKSI SUNAMI,LESUS.OMBAK GEDE...AKHIRE MUK BUS NGGEDABUS...GARAHI PANIK WONG WAE. - PACITANPOST

Kamis, 03 Juni 2021

KAWIT NDISIK MUK PREDIKSI SUNAMI,LESUS.OMBAK GEDE...AKHIRE MUK BUS NGGEDABUS...GARAHI PANIK WONG WAE.

Lindu,ombak gede,lesus bola bali diramal 
fakatane bus....dali ..bus...

Pacitan Ppos.03.06.021.
Saben saben...!
BMKG ngramal suk wulan iki arep enek ombak gede,arep enek lesus lan ramalan ramalan  musibah liyane , alhamdulillah selalu mbleset.

Ramalan BMKG sing dilansir ana media, kadang digede`k gede`k ke' ,  masyarakat sing lagi mumet mikirke' korona ,  tambah ngelu mikirke' isu isu sing kadang  ora valid.

Koyo to 3 sasi kepungkur, warga sak Pacitan kon siap kentongan , bahkan nganti dilatih nuthuk bareng ana pinggir laut .
Wektu kui bajang cindil ,TNI,  Polri,  bupati lan kabeh penggede Pacitan kumpul dadi sIji  muk arep latihan nuthuk kentongan..

Tapi Faktane ! Teko dino cinaton opo sing diramalke BMKG  jare arep enek cuaca ekstrim  , ora dadi kasunyatan.
Ombak gede ora ono , lesus yo ra njedul , lindu   bo...tho... ngo ,  tiwas kabeh nelayan wedi njaring merga odo odo BMKG sing gegirisi kui maeng.

Nganti BPBD wektu kui , mubeng desa milang kori ngenekke sosialisasi , persiapan / antisipasi  bakal anane musibah ekstrim , mbuh ngentekne duit piro ale sosialisasi.

Kanti ramalan sing akhire muk gedabrus alias mbleset ora ana buktine ,  warga Pacitan saiki  njaluk marang para pejabat daerah , ojo sok gawe odo odo sing klewatan / berlebih , sebab buktine muk gawe sengsara rakyat sing wis sengsara merga pagebluk.

Ora enek sing salah bab ramalan BMKG , merga dibayar nggo sinau bab kui, ananging pemberitaan nyang publik , Mungkin  sing perlu diatur maneh / evaluasi , ojo nganti malah mung gawe kasengsarak ane' warga, opo ne`h muk nggo kesempatan golek panggung ben terkenal .

 Perlu dimangerteni , Miturut isu sing beredar , minggu minggu iki bakal ana lesus lan ombak gede sing duwure 10 meter nganti 20 meter bakal nerjang pesisir kidul , Pemkab Pacitan njaluk warga pesisir ati ati sebagai bentuk antisipasi.

Ooalah mas mas..wong segara wis kulino panganane ombak , justru nek raenek ombak bojoku raiso njaring , anakku mati kabeh , jare sunarti guyon.

Bukan aku rapercoyo mas, pati, urip lan rejeki gusti Allah sing atur , Tapi khusus wong segara ( nelayan ) bab cuaca ekstrim wis apal njepal kawit nenek moyang ndisik, kapan nelayan  budal njaring lan  kapan kudu ning omah wis apal  tambah bu Sun santai...( Gustik )










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda