BAHAYA....ORANG HAJATAN KUMAT..SEBAR UNDANGAN RIBUAN... - PACITANPOST

Kamis, 29 Juli 2021

BAHAYA....ORANG HAJATAN KUMAT..SEBAR UNDANGAN RIBUAN...



Pacitan Ppos 28.07.021.
Jane kabeh Camat lan Kades, wis ngerti nek Hajatan ditengah pandemi iku berbahaya.
Ananging piye,  bola bali dikandani pejabat Kabupaten,polisi lan satgas ,tapi
 tetep wae isih dilanggar , malah iki dina  hajatan wis mulai marak ning ndi ndi nggon.

Ora tanggung tanggung, undangan sing disebar nganti pirang pirang ewu , sing rewang untel untelan kaya laron, sing nyumbang jejel uwel  (rame ) kaya  pasar.
 Pokok..e',  blas ora duwe wedi opo sing jenenge Covid 19.

Kahanan pandemi sing isih berbahaya iki, umpama  Satgas Covid Pacitan isih ijini wong  Hajatan geden ( besar besaran) , pancen , kebangetan tenan.
Polisipun nek ora bertindak tegas , dipastikan covid ana Pacitan bakal mobal maneh, akeh sing ketularan lan isa uga akeh sing mati .

Rata rata daerah sing seneng ngenekne Hajatan ,  justru daerah pinggiran lan pegunungan.
Daerah daerah iki maeng, biasane luput saka pengawasan Satgas Covid Pacitan merga pejabat lingkungane akeh sing sarujuk karo sing duwe hajat.

Saking nekad..e'..kadang manten ,wali lan saksine ora pada Swab, padahal  sesuai aturan manten,wali lan saksi kudu swab antigen , nek positif kudu ditunda sawetara nganti dinyatakan negatif.

Ora mung Hajatan kawinan lan sunatan,  pitung dinan wong mati  lan luwur luwur pun  wis akeh sing nglaksana ake'. 
Sing miris, akeh sing ora gelem nganggo masker alias nglowos.

Masalah hajatan sing iki dina mulai marak, Plt Kepala Dinas Kesehatan Pacitan dr Hendra Purwaka mung isa pesen, sekalipun Pacitan klebu PPKM level 3 kabeh kudu ati ati, resepsi oleh tapi kudu diawasi secara ketat sesuai aturan Prokes , Ora entuk salaman , ora entuk mangan ning nggon lan ora entuk ngobrol suwe suwe antar tamu.

Sementara Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan sarujuk karo sing diomongke dokter Hendra, Resepsi diperbolehkan asal diawasi secara ketat...
Putra mantan Bupati Pacitan Sujono iku,  pesen marang Ketua RT, kepala Desa lan Camat setempat ,sekalipun PPKM Pacitan mlebu level 3 , hajatan kudu diawasi secara ketat, merga nek ora diawasi  iso iso Corona mobal maneh , ( Gustik)















 



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda