BAK KIAMAT, SATU ..DEMI ...SATU DIPANGGIL ALLAH...MRINDING BANGET.... - PACITANPOST

Jumat, 09 Juli 2021

BAK KIAMAT, SATU ..DEMI ...SATU DIPANGGIL ALLAH...MRINDING BANGET....

Pacitan Ppos, 08.07.021.
Saben metu saka omah,radumeh awan utowo bengi ,kabeh wit witan koyo koyo manglung lelayon.

Gondo kembang mlati  wiwit sumerbak gegirisi saben saben srenge'nge' minclep , pratondo petenging jagad arep teka.

Hawa adem nyenyet  gegirisi , saben saben krungu kentongan ditabuh pratanda ana lelayon.. ...tong...tong...nrotong ..tong tong tong..

suwara kang ora ane`h ..kanggone wong jawa ...mesti ketiten  ana ki sanak  kang kapundut marang gusti kang akaryo jagad..lumantar malaikat sing wis gawa buku catetan garising urip.

Ora dumeh enom lan tuwa, ora dumeh wong mlarat utowo priayi agung...
(.iki dina  ) koyo koyo pada ora iso endo...marang dampyak dampyak ing pagebluk kang sumebar ana tlatah nyuswantara..lan negara sebrang .

Ngadeg jegreg koyo patung , seolah ora iso obah ,  saben saben krungu tonggo teparo  tangisan jejeritan kasedan jati..

Mayit seolah mlaku dewe pinuju pasarehane dewe dewe..merga.ora diterke sanak lan kadange'...

Duh ..Gusti...! Kados kados  kiamat..
Jagad kados  di pun kepung ( Virus) ingkang sami  pating kligut , ngambang mrono mrene ,, ngindik ,, menungsa kang lirna ora nutup cangkem lan irunge...

Virus kang jejuluk Corona , uga ngindik sipating menungsa kang urip kemproh sak karepe dewe, ndobos mrono,ndobos mrene ora nganggeri sabdaning panguasan..sing menehi maklumat..PROKES..

Pancen ora maido. .
Kahanan  iki dina ( pancen) wis ora iso digunggung .
Ora obah mati keliren , obah sitik dicegat  wabah kang arupo Covid 19.

Mulo kahanan sing mencekam koyo koyo kiamat  iki , miturut tuturing wong tuwo...biyen...! 
Ora usah podo  cuh pinucuh marang liyan...
Ora usah gembrejeg bab dedonyan...
Podo elingo kabeh  ..! 
Pangkat,drajat bondo donyo ora bakal digowo bali marang Gusti...

Miturut bait suci kang tumoto ana Al Quran , uga sabdaning pepunden Agung inggih puniko Rosulullah Muhammad S A W.
Menungsa urip iku ...! 
mung gawa amal lan perbuatan...
mulo kabeh pada ngati ati eling lan waspada,..
Ora sah mikir...kahanan iki arep kiamat opo ora...
Saman sumun slamet , madep manteb marang gusti kang gawe urip ...
yo kuwi Allah Swt....Allahu Akbar...( Dipun serat tiyang alit Gustik Pemred Pacitan Post Group sebagai rasa prihatin kondisi saat ini )














Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Perbanyak imun tubuh dgn konsumsi makanan sing akeh ,Ojo lali Prokes dan pertebal iman dan taqwa ...insya Allah kita bisa lewati pagebluk ini dgn aman
    .. Aamiin

    BalasHapus