GAGARIN MATUR... NUWUN ...WARGA SING MENEHI PANGAN ISOMAN... - PACITANPOST

Jumat, 16 Juli 2021

GAGARIN MATUR... NUWUN ...WARGA SING MENEHI PANGAN ISOMAN...


       Gagarin Sumrambah              Foto Dok 

Pacitan Ppos.16.07.021.
Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah Ssos menyadari Pemerintah Kabupaten Pacitah urung iso menehi bantuan pangan marang warga sing saat iki nglakoni Isolasi Mandiri (Isoman).

Mulo Gagarin enek..e' mung matur nuwun banget  marang warga lingkungan sing saben dino menehi konsumsi / bantuan marang warga sing lagi isoman.

Tokoh Flamboyan asli Lorok iku ora isa mrediksi kapan Covid 19 bakal sirna , sing penting warga kudu tetep taat Prokes, untuk sementara , ora usah tuku barang barang sing ora perlu , njagani,  kahanan sing ora iso digunggung iki.

Sebagai Wakil Bupati , gagarin ngaku bakal berjuang  piye carane' masyarakat  terdampak Covid gek ndang iso entuk bantuan/solusi saka Pemerintah Pusat sing nganti seprene durung mudun.

Tokoh sing uga njabat Ketua DPD Golkar Pacitan iki ngakoni nek Pemkab Pacitan urung isa berbuat banyak atas dampak Pagebluk sing soyo ndadi .

Sakjane' aku yo isin mas urung isa nyembadani rakyat  , tapi piye wong kondisi APBD Pacitan isih cekak , umpama arep golek tambahan  dana saka konco Partai ( Pusat) dikira tendensius...,jare Gagarin ambe`k  guya guyu.

Sementara perkembangan Covid Pacitan bener bener isih nderbalani, kabeh desa persasat ana lelayon merga Covid, sedang sing isolasi Mandiri tambah akeh, bersyukur warga lingkungan isih duwe kepedulian aweh pangan, jajal nek ora...( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda