JAMAN SAIKI...OJO SOK NYEKELI DUIT...KASIR PATING GLINTING...! - PACITANPOST

Selasa, 20 Juli 2021

JAMAN SAIKI...OJO SOK NYEKELI DUIT...KASIR PATING GLINTING...!



Pacitan Ppos 20.07.021.
Jaman saiki kabeh kempyuh gara gara covid.
Nganti duit sing biasane disenengi  menungsa, iki dina saben nampa duit rada wedi campur ndredeg.

Opo meneh , meh kabeh bendahara Pemkab Pacitan pating glinting terpapar covid 19.
Bersyukur bendahara Pemkab iku kabeh wis divalsin, dadi ijik slamet merga awake wis enek penangkale.

Mungguh urung di  vaksin, iso uga ora slamet koyo kasir kasir luar daerah sing urung sempat divalsin.

Akibat bahaya penularan  Virus sing saiki trend lewat duit , salah sijining Petugas medis Pacitah  (Dokter Johan TP ) iku nyaranke,  nek nyekel duit kudu ati ati , sak ora orane kudu disemprot disik nganggo disenvektan sebagai bentuk antisipasi .

Dokter pengelola wisma Atlit Pacitan iku  uga menghimbau,  para pengusaha Pacitan , mewajibkan karyawan sing saben dina nguleng uleng duit divaksin , syukur syukur karyawan kabeh...

Terkait masyarakat umum,  dokter asli Klaten iku nyaranke  ,, kudu tetep nganggo masker , sering cuci tangan , cuci uang ,  opo neh nek transaksi bab duit sing jumlahe akeh , disemprot disik nganggo disenvektan....byuh..! ( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda