Menteri Agama Republik Indonesia.
Pacitan Ppos,09.07.021.
Maksud..e..Menteri Agama Yaqut Nutup sementara Masjid , surau lan mushala apik sak jrone pandemi , kudune' perlu didukung semua pihak.
Ananging...! alih alih didukung, intruksi menteri saka PKB iku menurut pengamatan media ..( blas ketepas ) ora digembes marang jamaah masjid utawa mushala.
Boro boro masjid sing ana ndeso, masjid Agung milik Pemerintah ning tengah Kutho wae ,,terang terangan,, melanggar himbauan menteri /Pemerintah.
Padahal kurang piye ..! Kabeh Masjid Agung jamaahe' biasane diisi wong pinter pinter klebu para pejabat Kabupaten lan Kota.
Ananging yo kimaeng, nek babagan ibadah pancen susah tuturane' merga terkait keyakinan dewe dewe.
Mulo ora usah kaget, nek jamaah tempat ibadah selalu mbludak , bocah cilik cilik tetep kruntelan ora gagas opo kui korona, yasinan tetep mlaku koyo biasane' , kembul dahar kataman uga panggah ,, tetep telap telep ,,. Wis pokok..e..kabeh ra digagas...
Arep Presiden ngangkat Menag saka TNI,saka NU, Muhammadiah.LDII utawa saka liyan brayan, tetep soal salat ning masjid ora iso ditutup masiho mung sementara...
Rata rata jamaah duwe pandangan kolot, urusan penyakit urusane gusti Allah, ora salat ning masjid ora entuk sak tekruk pahalane lan pandangan kolot liya liyane...
Pendek kata...!
Ibarat , menungsa mati sedino sewu to tetep jamaah masjid ora iso dibendung...merga bab kepercayaan.
Sing parah ! jamaah Indinesia ora mikir blas, Keblat / Ka'bah sing ana Mekah wae ditutup total , Ulama Suni / Ulama Syiah sayuk dadi siji , satu pandangan bab anane Pagebluk sing nderbalani kang awujud Covid 19....
Saiki sing dadi Pitakonan.
*.
Opo pancen wis ra percaya karo Pemerintah sing sah.
*.
Opo wis ra percaya ugeming para Kiai.
*.
Opo pancen ora percoyo ananing Pagebluk/Covid 19.
*.
Opo memang kwalitas iman umat islam Indonesia sing pancen ijik dibawah standar keimanan...
Terakhir.....!
opo pancen...!
para jamaah memang terang terangan nantang perkara ..!
Wani kendel mati, wani lara lan kendel urip sengsara.
Siji sing perlu dieling eling..!
nek kenek ganasing Virus Covid 19, ojo nyalahne sopo sopo,kecuali sing salah awak..e dewe Dewe......( Gustik)