MUGO MUGO LANGGENG CORONA MULAI LEREP... - PACITANPOST

Selasa, 27 Juli 2021

MUGO MUGO LANGGENG CORONA MULAI LEREP...


Pacitan Ppos , 28.07.021.
Alhamdulillah...
Perkembangan Covid 19 ana Pacitan wis pirang pirang dina iki mulai lerep. Rumah Sakit Darsono mulai lengang, ora jejel uwel kaya ndisik. Thuit..thuit...swara Ambulance wis arang kading , klebu  lelayon ana group WA yo wis mulai sepi.

Miturut PLT Kadinkes Pacitan  Dokter Hendra Purwaka , penurunan covid ,  salah sijine merga kesadaran masyarakat Pacitan apik ,  utamane disiplin Prokes.
Ananging , Dokter sing uga ngrangkep kepala BKKBN Pacitan iku njaluk marang warga masyarakat Pacitan tetep disiplin ojo lengah merga sirep.

Muga muga kahanan sing mulai normal iki isa langgeng. Minimal rakyat , ben isa ndang nyambut gawe , anak putu yo ben isa sekolah maneh, jare dokter ambek telap telep dahar bebek.

Sementara pengelola Wisma Atlit Kucur Pacitan Dokter Johan TP , rumangsa lega covid wis mulai lerep, sak ora orane petugas medis ben  iso leren lan ora stres nemen nemen.
Kanggo konco konco petugas medis sing gugur , muga muga syahid kaya suhada sing lagi bar perang Badar , jare dokter sing uga kepala Puskesmas Gondosari.

Sementara Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah,. Bersyukur covid ana Pacitan wis mulai lerep , sekalipun demikian , Gagarin tetep wanti wanti ojo nganti lengah ,  taati kebijakan Prokes lan PPKM.














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda