OJO DUMEH VAKSIN....FAKTANE ! ..GURU SEDINO TELU DADI KORBAN COVID. - PACITANPOST

Kamis, 08 Juli 2021

OJO DUMEH VAKSIN....FAKTANE ! ..GURU SEDINO TELU DADI KORBAN COVID.


Silang pendapat soal Vaksin oleh Pakar Medis  seolah membenarkan bahwa pencegahan covid 19 bukan cara divaksin...? Faktanya .....

Pacitan Ppos.08.07.021.
Ana Pacitan iki dina enek telung pendidik sing seda / meninggal  merga diduga Covid 19 , salah sijine Kasek SMA Punung Agus Setiawan ( Boges).

Sing dadi bingunge' masyarakat , kabeh korban ternyata wis di Vaksin , bareng karo ASN Pemkab Pacitan lan konco  pendidik liyane.

Promosine para Pakar ndisik , jare.' .....nek wis divaksin  aman ( dalam arti ) umpomo toh kenek ( Covid ) effek..e'..ora terlalu parah merga njerone awak wis disuntik tentara tentara anti Virus ..sing jenenge' CINOVAC lan jenis vaksin liyane'

Ternyata  bener ,  Vaksin ora njamin menungsa  ora  kenek Corona , faktane...guru,kiai ,ulama lan.masyarakat liyane ijik  akeh sing mati merga kenek Covid 19.

Malah Akeh sing omong,  masiho  iki muk saka  ,, kabar manuk,,  jare Cinovac ora pati ces pleng merga  anti Virus saka Negara China urung standar WHO , mulo ning Eropa Sinovac ora kanggo.

Pantesan...!  ning luar Negri wong nonton  sepak bola  mambengi wis  podo entuk cupot masker,  , jare Hadi guyon...

Miturut PLT Kadiknas DR.dr.H.Hendra Purwaka, memang bener sekalipun wis divaksin trus ora kenek Covid , sebab fungsi vaksin muk nadahi / nglawan serangan Virus ben Ojo nemen nemen.

Dene bar divaksin ijik kenek covid lan ora ketulung ( mati) yo wis ginaris Gusti Allah.
Sebab menungsa muk sadremo nglakoni garise sing gawe urip ...( Gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda