PACITAN .... ABANG MBRANANG...DONGO DINONGO LUUUR...! - PACITANPOST

Rabu, 21 Juli 2021

PACITAN .... ABANG MBRANANG...DONGO DINONGO LUUUR...!


Pacitan Ppos .21.07.021.
Akhire tenan....! Pacitan iki dina klebu zona ,, Abang Mbranang,, bareng karo 35 kabupaten sak jawa Timur.

Kekawatiran warga terbukti, saben dina sing ninggal merga covid wis ngluwihi  bates, persasat saben menit  ,, glinding  ,, mulih marang gusti kang akaryo jagad, Allah Swt.

Situasine, koyo koyo mung kari  nunggu antri kematian , mbuh suwe utowo cedak malaikat seolah mubeng sak sekitare wong urip, siap njabut ruh menungsa sing wis  ketiban titi wanci garising urip .

Siji sing ijik dadi harapan bangsa Indonesia , Negara negara eropa,amerika bahkan Brunai wis iso metu saka Pagebluk arupa Covid 19.
Artinya , kekawatiran kiamat kubro urung bakal terjadi, minimal untuk saat ini.

Saiki  pitakone mung siji, nek negara liyo wae wis iso metu saka pandemi, lha ngopo Indonesia  kok urung isa metu saka ancaman Coviid.

Opo Pemerintah  sing kurang gatekne rakyate, opo pancen rakyate sing angel dikon disiplin Prokes , sing akhire corona  betah ana bumi Indonesia.

Klebu pemerintah Kabupaten Pacitan, penanganan Covid ora soyo apik ning malah saya ruwet tur ora jelas..

Bupati sing awale gebu gebu program unggulane, iki dina gelem ora gelem rencana  pembangunan sing dadi programe Bupati /Wabub kudu dilebokne slorokan meja  disik.,merga APBD  Pacitan terbatas.

Sementara Penanggung jawab Penanganan Covid Pacitan DR.dr Hendra purwaka, media kudu playon goleke Plt Kadinas Pacitan sing hoby mateni HP (TIM)




.








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda