KEBANGETEN...IRFAN PEMBUNUH SUKMA MASIH SATU KELUARGA.. - PACITANPOST

Jumat, 06 Agustus 2021

KEBANGETEN...IRFAN PEMBUNUH SUKMA MASIH SATU KELUARGA..

Rumah alm Dwi Sukma yang dibunuh Irfan  

Pacitan Ppos 07.08.021.
Babar blas kabeh  Ora ngira , Irfan sing ijik sepupu sambung isa mentolo mateni Dwi Sukma Anjani putri bapak Tukijo. Padahal omahe wae adu tritis ngarep mburi .  

Hubungan keluargapun cedak banget, wong tuane tersangka (  Irfan  ) Jaeji lan Korban  ( Dwi Sukma)  Tukijo isik kakang adi , cuma irfan anak gawan/ tiri  bojone jaini saka Petung Sinarang.

Menurut Lancur Susanto , anggota DPRD Pacitan iki dina tonggo teparo isih kaget setengah ora percaya nek tersangka Irfan mentolo mateni  Sukma alumni SMK I Nawangan, padahal antarane tersangka lan korban saben dino wira wiri bareng.

Soal antara bocah loro iku Pacaran , kabeh keluarga ora pati mudeng , mungkin merga dulur nek terang terangan pacaran isin karo tonggo teparo , mulo bocah loro iku meneng meneng..ngerti ngerti entuk kabar pacaran  sak wise enek kedadeyan iki,tapi niku nembe kabar mawon lan dereng kantenan .

Terkait kronologi , miturut Somad kasun Sidoharjo Nawangan  , Si tersangka Irfan isuk isuk  arep pajek sepeda motor ning samsat Pacitan, merga dewe njaluk dikancani Sukma. 
Tapi ditunggu nganti sore bocah loro urung teka teka, ngerti ngerti entuk berita saka Polres, Sukma mati dijegurke segara.
Sing dadi kagete wong Nawangan sing mateni Sukma  malah dulure dewe sing omahe  mburi omahe adu tritis.

Sing bingung maneh, Irfan  masiho muk lulusan SMP terkenal bocah meneng lan anteng, pekerja keras , sering mrantau luar kota golek garapan, mulo kabeh tonggo teparo  kaget setengah mati, jare Lancur.

Sementara,
Pihak Polres Pacitan , terpaksa gowo jenazah mahasiswi  asal Nawangan menyang Rumah Sakit Muwardi Solo kanggo menentukan sebab sebab Kematian korban  sing diduga dipateni Irfan Sepupu sambungnya...( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda