MEMPRIHATINKAN...! KABE`H PATING BLULUNG GOLEK PROYEK .. - PACITANPOST

Sabtu, 28 Agustus 2021

MEMPRIHATINKAN...! KABE`H PATING BLULUNG GOLEK PROYEK ..

Pacitan Ppos 27.08.021.
Pandemi lagi wae arep normal, perilaku ora terpuji mulai muncul ,  Pemborong , LSM ,  oknum Partai ,kades bahkan oknum Dewan pun ,  mubeng wira wiri golek proyek. 

Secara umum ,  sing diburu proyek penunjukan langsung (PL) .

Sing mumet sirahe Dinas sing produksi Proyek, dikroyok kano dikroyok kene ', diuber mrono diuber mrene  koyo to Dinas Pertanian , Dinas pendidikan ,  Dinas Pemukiman, Dinas PU Binamarga . 

Malah kadang saking bingunge'  , nganti  pejabat Dinas terkait mumpet  merga wedi ditekani pemburu proyek , sing kadang menjilma koyo bromocorah , ora duwe unggah ungguh , ngancam lan ngeden deni.

Pemburu proyek ora peduli tarif sing dipasang , sing penting entuk proyek arep 10 persen kek 15 persen kabeh disikat dituku , sing penting entuk borongan.
Ananging yo enek sing lagisan, ora gelem bayar tukon (fee).

Situasi rebutan proyek cen iso dimaklumi,merga meh setahun medun ora garap proyek merga Corona , sementara dana proyek dialihke' kanggo refocusing penanggulangan Covid 19.

Situasi sing koyo mengkene iki, nek ora ati ati Pemerintah iso ketiban dong dilaporke aparat penegak hukum, merga dipastikan nompo duit fee , sing biasane di setorke lewat tangan tangan ajaib lan tangan tangan setan.

Tangan tangan setan , iso kantonge pemborong ,iso dompete' Dinas lan iso dompette' liyan.  . 
Duit duit haram iki maeng , biasane ' disetorke Pejabat sing kulino nompo Fee

Merga iki isih usum pandemi, perilaku pencari Proyek sing ora patut iki maeng gawe prihatin warga ,  informasine  bakal diawasi lembaga swasta sing tugase ngawasi wong korupsi, kaya to Pacitan Corouption Watch. 

Hamdani Pejabat PCW Pacitan,  bakal menindak lanjuti seumpomo , ana hal hal mencurigakan sing secara hukum iso diproses. Pria asli Madiun ngaku , ora pandang bulu ,alasane mergo saiki isih kondisi memprihatinkan , bancak an yo bancaan ning ojo nemen nemen, gurau Divisi advokasi PCW .

Disatu sisi, Pacitan Corouotion Watch uga bakal nindak lanjuti informasi penyelewengan dana Refocusing, kabare sebagian anggaran refocusing kanggo tunjangan jabatan lan kanggo tambahan tuku mobil dinas pemkab Pacitan, tenan orane nunggu hasil investigasi lapangan..( Gustik)





 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda