ORA IDEP ISIN..KABEH PATING BLU..LUNG..GOLEK..P.L. - PACITANPOST

Sabtu, 28 Agustus 2021

ORA IDEP ISIN..KABEH PATING BLU..LUNG..GOLEK..P.L.


PACITAN Ppos 29.08.021.
Pandemi lagi wae arep normal, perilaku ora terpuji mulai muncul, Pemborong, oknum LSM, Oknum Partai, oknum Kades bahkan Oknum Dewan pun mubeng wira-wiri golek proyek ana dinas dinas . Secara umum, sing diburu proyek penunjukan langsung (PL).

Merga kui sing mumet sirahe Dinas  produksi proyek, dikroyok kono dikroyok kene, diuber mrono diuber mrene koyo to Dinas Pertanian, Dinas Pendidikan, Dinas Pemukiman, Dinas PU Binamarga.Dinas Lingkungan Hudup.Dinas Pariwisata dll.

Malah kadang saking bingunge, nganti pejabat Dinas terkait mumpet merga wedi ditekani pemburu proyek, sing kadang menjilma koyo bromocorah, ora duwe unggah-ungguh, ora duwe isin ngancam ngancam  lan nge den-deni.

Pemburu proyek ora peduli tarif sing dipasang, sing penting entuk proyek arep 10% kek 15% kabeh  dituku, sing penting entuk borongan. Nanging yo enek sing lagisan, ora gelem bayar tukon (fee).

Situasi rebutan proyek cen iso dimaklumi, merga meh setahun medun ora garap proyek merga Corona, sementara dana proyek dialihke kanggo refocusing penanggulangan Covid-19.

Situasi sing koyo mengkene iki, nek ora ati-ati Pemerintah iso ketiban dong dilaporke aparat penegak hukum, merga dipastikan nompo duit fee, sing biasane disetorke lewat tangan-tangan ajaib lan tangan-tangan setan.

Tangan-tangan setan, iso kantonge pemborong, iso dompete Dinas lan iso dompete pengepul liyan. Duit-duit haram iki maeng gawe prihatin warga, informasine bakal diawasi Lembaga Swasta lan lembaga resmi Pemerintah sing tugase pancen ngawasi wong korupsi, kaya to Pacitan Coruption Watch, P&LP , Kepolisian uga Kejaksaan.

Hamdani Pejabat PCW Pacitan, bakal menindak lanjuti seumpomo ana hal-hal mencurigakan sing secara hukum iso diproses. Pria asli Madiun ngaku ora pandang bulu, alasane mergo saiki isih kondisi memprihatinkan, banca'an yo banca'an ning ojo nemen-nemen, gurau Divisi Advokasi PCW.

Disatu sisi, Pacitan Coruption Watch uga bakal nindak lanjuti informasi penyelewengan dana Refocusing, kabare sebagian anggaran Refocusing kanggo tambahan tunjangan jabatan lan kanggo tambahan tuku mobil Dinas Pemkab Pacitan, tenan orane nunggu hasil investigasi lapangan. (Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda