SABAR ...PAK MBOGO..GAJI PENSIUN IJIK DIGODOK.......! - PACITANPOST

Sabtu, 14 Agustus 2021

SABAR ...PAK MBOGO..GAJI PENSIUN IJIK DIGODOK.......!


Pacitan Ppos 15.08.021.
Patang sasi pensiun sebagai Wakil Bupati Pacitan , Yudi Sumbogo urung nompo duit  pensiun , tapi masiho urung nompo duit sejimat , mantan wakil bupati asal Gading Tegalombo iku tetep santai.

Informasi urung nompone duit pensiun pak Mbogo, dibenerke Sekretaris Daerah Pacitan Heru Wiwoho. 
Aturan perihal uang pensiun Wabub isih digodok ana Departemen Dalam Negri Jakarta.

Heru yo ora iso njawab , kapan aturan iku mudun, sebab bola bali ditekokne menyang Depdagri jawabane isih urung jelas kapan mudune'.

,, Saya sebenarnya juga tidak enak dengan Pak Yudi Sumbogo terkait uang pensiun yang belum turun turun ,, urai Heru via telpon.

Perlu dimangerteni, Yudi Sumbogo Mantan Wakil Bupati Pacitan pasangan Indartato sebagai Bupati Pacitan Periode 2016-2021.
Kiprahnya lumayan berhasil memimpin Pacitan. 

Pak Yudi Sumbogo iki dina mung kari tenguk tenguk nyawang putro sing kabeh berhasil , ana sing dadi Perwira angkatan darat, enek sing dadi dokter lan liya liyane. .dongakno gus anakku suk enek sing  dadi jendral...lan iso mimpin Indonesia .

 Soal duit pensiun sing rung ditompo , mantan kader Demokrat iku ora terlalu dimasalahne , umpono nompoo yo sepiro ,opo neh aturan saiki gonta ganti ..wis ben wae sak metune , jare pak Yudi..kalem .( gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda