BANGGAR DOLAN , BUPATI ORA SIAP. BUKU URUNG DADI...RAPAT BATAL.. - PACITANPOST

Senin, 06 September 2021

BANGGAR DOLAN , BUPATI ORA SIAP. BUKU URUNG DADI...RAPAT BATAL..


Pacitan Ppos.06.09.021.
Sebagian anggota DPRD Pacitan kecewa merga pembahasan KUA PPAS Perubahan 2021 batal dilaksanaake'. Pembatalan rapat disebabke' anggota banggar DPRD Pacitan  pada lungo menyang Surabaya , ditambah Buku pedoman pembahasan  saka  Eksekutif ( Bupati)  urung di cetak.

Miturut Handaya Aji , kebiasaan rapat batal / ditunda antara DPRD lan Eksekutif koyo koyo wis dadi kebiasan elek sing angel didandani. Kabeh ora rumangsa salah yen kui maeng   ngrugekne' wong akeh , Anggota adoh adoh wis kadung teka kantor , panganan / Sanck iso uga wis kadung dipesen Sekwan . Kabeh dadi mubazir  merga Rapat dianggep hal sepe'le'.

Nek pancen kabeh ora siap  mbok ora usah dijadwalke' disik ,, paling tidak"  didelok disik  anggota dewan pas tindak tindak opo ora , bahan bahan rapat eksekutif wis nyepak opo durung. 

Aku iki muk arep  mencermati , Anggaran Refocusing 80 Milyar  iku menyang Bupati dipergunakan sesuai aturan opo ora ? Dienggo opo wae' , ojo ojo tidak sesuai,   protes Handaya Aji  sembari guyon.

Handaya Aji kecewa Rapat KUA PPAS batal

Perlu dimangerteni , sakjrone Pandemi Covid 19  Pacitan rada berkurang , Sikap Pejabat  Eksekutif lan Legeslatif mulai  ,, kumat  " maneh    seneng lungo  menyang luar kota , malah saking senenge' rapat kadang  ora pentingpun  gembrudug ditekani.

Sementara Sekretaris Daerah Kabupaten Pacitan Heru Wiwoho , arep ditakoni opo sebabe Rapat KUA PPAS Perubahan ditunda..?  ananging nganti sepre'ne' urung dijawab , Hp ne Tulalit...( gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda