TSUNAMI URUNG MESTI, IJASAH & SERTIPIKAT WIS PODO NGUNGSI... - PACITANPOST

Sabtu, 18 September 2021

TSUNAMI URUNG MESTI, IJASAH & SERTIPIKAT WIS PODO NGUNGSI...


Pacitan Ppos.18.09.021.
Gara gara berita tsunami terus terusan di blow aup,  ik dina  warga Pacitan akeh sing pada panik . Kabeh panik merga , presentasi Gempa / Tsunami di paparke langsung ketua BMKG Trikorita Karnawati lan Mensos Tri Rismaharini.

Samu barang surat berharga mulai saka ijazah , Sertifikat , buku tabungan bahkan sapi diungsekne  menyang omahe dulur dulure sing ana gunung , alasane wedi nek stunami teka ndadak.

Miturut Suwarto , sertipikat lemah  , ijasah  lan buku tabungan pensiun  terpaksa disimpen ana omahe wong tuwane Nawangan , iki ora ngajab mas  yo muk jaga jaga ,  jare Warto ngguya ngguyu.

Sediono yo ngono , masiho omahe adoh saka pesisir , ijasah , sertipilat lan BPKB kendaraan wis diungsekne menyang adine sing omahe ana ereng ereng / lembah pegunungan.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu aji  menilai , aksi pengamanan surat surat penting ana omahe sedulure dewe dewe  merupakan aksi spontan sing patut di contoh , sing penting kabeh demi keamanan.

Ananging Bupati uga njaluk marang warga masyarakat Pacitan Tetep tenang , sabar lan  ora usah dipikir nemen nemen , sebab gempa lan tsunami iku tekane  ora iso diprediksi , sing ngerti Gusti Allah , jare Bupati  diplomatis ..( gustik)












Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda