VAKSIN LAN PACE TEKAD BUPATI AJI PACITAN - SOLO SEHAT SELALU. - PACITANPOST

Selasa, 26 Oktober 2021

VAKSIN LAN PACE TEKAD BUPATI AJI PACITAN - SOLO SEHAT SELALU.

Bupati Pacitan dalam sebuah wawancara

Pacitan pos.26.10.021.
Sejarah Kraton  kasunanan Surakarta Hadiningrat pancen ora isa dilalekne marang masyarakat Pacitan , merga ndisik daerah Pacitan klebu panguasan kraton sing  saiki populer jejuluk Kraton Solo Hadiningrat.

Mula kegiatan Vaksinasi covid 19 wingi ana Pacitan sing kabare dinawuh lansung Sinuhun Pakoe Boewono XIII merupakan hal biasa nek didelok sejarah antara Kraton Solo lan Tumenggungan Pacitan.

Sebab Rikala semana , Tumenggungan Pacitan dadi daerah strategis kanggone Kraton Solo lan Ngayokjakarta , utamane kanggo ngungsi / nglipur ati para pejabat kraton merga peperangan lawan Walanda , konflik internal kraton lan konflik liya liyane.

Bupati Pacitan indrata NBA dan RAY.Febri H.Dipokusuma.

Bahkan kacatet ana sejarah Pacitan , salah sijine Raja Solo Hadiningrat  rikala semana nandang Gerah abot njur ditambani marang salah sijine punggawa Pacitan kanthi srana ngunjuk rucuh Pace.

Kocapo...!
Bareng bar ngunjuk rucuh Pace , salah sijining Raja Solo sing kacoban lara iku maeng langsung entuk kanugrahan bagas waras saka Gusti Kang Akarya Jagad kanti srana rucuh Pace'. Mula saking senenge Kanjeng Sinuhun  daerah sing awale ajejuluk Wengker Kidul diwenehi tetenger PACITAN..( Pace).

Dadi kegiatan Vaksinasi  Covid 19 bantuan saka Kraton Solo sing iki dina isih berlangsung merupakan napak tilas sejarah ,, utamane,,  bab kewarasan lan tetamban .

Bupati Aji ngendika sak jrone Konfrensi Pers , Kerja sama Vaksinasi  bantuan saka kraton solo  sing dipimpin langsung Raden Ayu Febri H.Kusumo merupakan hubungan tahap awal sing bakal ditindak lanjuti marang hubungan liya liyane, utamane bab ekonomi lan budaya.

Pangandikan Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  langsung diamini marang RAY Febri H.Kusuma pertanda sarujuk hubungan antara solo Pacitan bakal dilanjutke jenis hubungan liyane .

RAY Febri H.Kusumo  uga nyampek ake amanah ,,  Salam ,, saka Kanjeng Sinuhun Pakoe Boewono XIII marang kabeh warga Masyarakat Pacitan, ...Wa alaikum Salam....( Gustik  Foto by Lisa )


















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda