MASIHO CORONA WIS MULAI SUDO, VAKSINASI TETEP DIENEKNE TERUS. - PACITANPOST

Kamis, 04 November 2021

MASIHO CORONA WIS MULAI SUDO, VAKSINASI TETEP DIENEKNE TERUS.

Warga Desa Tokawi antusias melu Vaksin.

Nawangan, 04.11.021.
Masiho  pandemi Covid 19 wis  mulai sudo , Masyarakat Pacitan tetep antusias melu Vaksin sing dienekne Pemerintah Kabupaten Pacitan.

Salah sijining desa sing ngenekke Vaksinasi  massal Desa Tokawi Kecamatan Nawangan Kabupaten Pacitan. Warga masyarakat  jejel uwel antri mulai esuk ana Balai Desa Tokawi .

Miturut Kepala Desa Tokawi Joko Purwanto warga desa Tokawi  sakjrone' pagebluk arupo Covid 19 sing terpapar jumlahe' muk sekitar wong 15 ,  alhamdulillah berkat disiplin Warga lan perlindungan Gusti Allah Selama pandemi  ora ana sing seda / mati , ungkap kades  Joko sing dilantik massal awal pandemi tahun 2019.

Lisa Wartawan Pacitan Pos &Kades Tokawi Joko Purwanto.

Perlu dimangerteni , Desa Tokawi tercatat sebagai desa sing jumlah wargane paling ake`h divaksin , informasi sing kecatet ana Kantor Desa Tokawi  nganti dina iki jumlah sing  wis  divaksin  ana sekitar 2.800 warga  ,, termasuk ,,  target  dina iki sekitar 900 warga.

 Nganti dina iki  , Pemerintah Desa Tokawi wis ngenekne ping papat ( 4) vaksinasi massal ,  ananging urung enek Ormas Ormas, Parpol Parpol sing gemregah ngenekne bantuan Vaksinasi ana Desa Tokawi , padahal saben saben pemilu teko Desa Tokawi klebu Desa sing dadi jujugan para Caleg golek suara , jare warga sing ora gelem disebut identitase.

Warga Tokawi disiplin pakai masker saat Vaksin.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji rumangsa mbegogok atine ndelok antusias warga masyarakat Pacitan sing melu Vaksinasi massal , termasuk Desa Tokawi lan desa desa liyane, Jare Bupati !  Pacitan sehat - Pacitan Jaya-Pacitan Makmur...( By Lisa  )










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda