BUPATI ISIN NGANGGO MOBIL ANYAR MUK DISIMPEN ANA GARASI. - PACITANPOST

Rabu, 08 Desember 2021

BUPATI ISIN NGANGGO MOBIL ANYAR MUK DISIMPEN ANA GARASI.

Pacitan post, 09.12.021.
Wis setengah tahun luwih , mobil Dinas Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  jenis Pajero Spot ndongkrok ana garasi Pemkab Pacitan ,  blas ketepas  ora nate digawe nyang endi endi.

Miturut Sekda Pacitan Heru Wiwoho , Bupati  Pacitan Indrata  Nur Bayu Aji isih rumangsa   isin karo masyarakat Pacitan merga    iki dina isih  massa Pandemi .

Kejobo saka kui , Bupati uga ewuh pekewuh karo Wabub lan 4 pimpinan Dewan sing anggarane kanggo tuku mobil Dinas ditunda merga  danane  nggo numbok..i..kekurangan ADD sing dituntut kades kades.

Perlu dimangerteni , Mobil Dinas Bupati sing anyar  merga wis kadung  dianggarke sejak jaman Bupatine Indartto melalui proses anggaran PAK tahun 2020.

Rasa  isin lan ewuh pekewuh Bupati Indrata nganggo mobil  Pajero Sport anyar diacungi jempol tokoh tokoh masyarakat Pacitan. Miturut Sugiharyanto , sifat sensi  Indrata Nur Bayu Aji  terhadap masyarakat Pacitan patut dicontoh , ujarnya..( gustik )




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda