CORONA MAKIN REDA.. TEMPAT CUCI TANGAN MAKIN LANGKA. - PACITANPOST

Jumat, 31 Desember 2021

CORONA MAKIN REDA.. TEMPAT CUCI TANGAN MAKIN LANGKA.

Tempat cuci tangan di alun alun pacitan tidak berfungsi lagi.

Pacitan Ppos.01.01.022.
Mentang mentang corona wis dianggep minggat ,  ketidak disiplinan masyarakat mulai kumat.

Ndisik usum usume pagebluk ijik meraja lela , persasat saben omah , kantor lan fasilitas umum bak cuci tangan enek.
Saiki boro boro ,  ana omah, ana kantor Dinas sing biasane pating clenuk ning arep pintu masuk  saiki  wis arang kading.

Sing parah meneh!  meh kabeh bak cuci tangan ana fasilitas umum , kaya to  Pasar , Terminal  ,  obyek obyek wisata lan alun alun saiki  wis akeh Sing ora berfungsi  utawa sengaja ora difungsikan.

Miturut  Budi pedagang mainan bocah sing kulino mangkal ana alun alun ngomong yen tandon cuci tangan ana taman alun alun wis suwe ora berfungsi , niki mboten rusak mas ,  tapi pancen pun mboten wonten sing urusi , tandon air pun dangu mboten dipun isi , nopo melih kok sabun , jare budi lugu.

Seorang Wartawan mencoba bak cuci tangan di taman alun alun wetan yang tidak berfungsi.

Kepala Dinas Lingkungan Hidup  Pacitan Ir.Yunan Ahmadi dihubungi media urung pati iso njawab , Yunan ngaku urung mlebu kantor DKLH  merga sejak dilantik  telung dina kepungkur isih bebenah ana kantor lawas ( PU Binamarga). Tapi Yunan janji  bakal segera action benahi  bak cuci tangan ana fasilitas umum sing ora berfungsi .

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , ngaku kaget krungu bak cuci tangan ana fasilitas umum akeh sing ora berfungsi , opo neh iki cedak Pendopo Kabupaten  nyolok tenan ikih , sesuk tak panggile Kadinase mas , tegas Bupati.ambek guya guyu .( gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda