DANDIM PACITAN PINGIN VAKSINASI WARGA KEDUMAN .KABEH. - PACITANPOST

Sabtu, 18 Desember 2021

DANDIM PACITAN PINGIN VAKSINASI WARGA KEDUMAN .KABEH.

Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol Kav
Ibnu Khazim.S.I.P. M.S.I

Pacitan Post.
Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol Kav Ibnu Khazim iklas wira wiri saben wengi dolan menyang omahe warga pacitan , raketang muk njagong ngalor ngidul   Dandim sing jik ketok koyo cah enom iku  rumangsa iklas lan seneng.

Wira wiri saben wengi dolan mbedayoh nyamg omahe warga / konco  ternyata Dandim Pacitan iku duwe tujuan sing perlu ditiru marang pejabat Pacitan , Dandim muk pingin Mbuktekne' yen Vaksinasi Covid 19  kabeh Warga keduman-ora enek sing kliwatan.

Dandim duwe  prinsip , kudu krungu dewe saka warga langsung ,  ora muk laporan  saka anak buahe  (anggota kodim ) , iso wae prajuritku muk ABS karo aku , jare Dandim mesam mesem.

Kejaba saka iku Dandim duwe prinsip ,  lungguh bareng karo warga ,, masiho  ,, muk ngobrol biasa bakal nuwuhne atine warga seneng lan rumangsa cedak karo TNI utawa Pemimpin.

Keuntungan liyan , Dandim iso ngerti kondisi warga sak benere , utama bab kesejahteraan lan keamanan sing dadi tupoksi kerjane , nek warga akeh sing kluwen pasti  ana pengaruh'e  karo keamanan , tapi alhamdulillah Pacitan aman , tur ora nek sing kluwen , imbuh Dandim guya guyu.

Dandim ( jaket Merah) rela tiap malam begadang sambil nyerap aspirasi warga.

Dandim nek dolan terkenal ora nganggo sopir lan pengawal Iki , pesen marang warga khusus'e warga Pacitan , sering seringlah olah raga ,  Tanamkan olah raga sedini mungkin  , badan sehat tertanam jiwa yang kuat..mathuk ndan...( Gustik )

ibu ibu Warga  desa Mentoro lakukan olah raga dengan metode senam .






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda