DIBALIK RENCANA KADES TOURING WISATA...ADA UDANG DIBALIK REMPEYEK..? - PACITANPOST

Kamis, 09 Desember 2021

DIBALIK RENCANA KADES TOURING WISATA...ADA UDANG DIBALIK REMPEYEK..?

Pacitan Post.09.12.021.
Sruwang Sruwing , tanggal 11 Desember 2021 kumpulan Kepala Desa Pacitan sing ngibarke jeneng Kadang Demang Pacitan arep ngenekne' Touring Pariwisata mubeng Pacitan.

Touring Kadang Demang sing arep njupuk Start saka Balai Desa Tanjungsari Pacitan ,, rencanane' ,,  bakal mubeng  mubeng numpak Sepedah montor  menyang Pantai Klayar , Goa Gong lan pantai Kasab.

Sesuai surat pemberitahuan menyang komisi I sing diwacakne Arib Setyo Budi ( ASB) per anggota bayar Rp.165.000 ning nek tambah gandengan , anak utawa  bojo bayar Rp.300.000.

Sekilas acara sing digagas  ,, Kadang Demang Pacitan  ,, koyo koyo apik lan mulia  merga melu mromoksekne' Obyek Wisata Pacitan jelang Libur Nataru.

Ananging `ene`k kabar manuk, dibalik aksi Kadang Demang terselip penjaluk'an Kendaraan Operational Kades/ Desa  arupo Sepeda Motor.

Heru Setyanto ,Ketua  Komisi I DPRD Pacitan.

Miturut Ketua Komisi I DPRD Pacitan Heru Setyanto , penjaluk Kelompok  Kadang Demang Pacitan  sah sah wae sebagai bentuk aspirasi , ananging kudu didelok regulasine iso opo ora ? Ora ge`k opo opo asal njaluk.

Sepengetahuan Heru , Kelurahan lan Desa wis diwenehi sepeda motor 2 unit arupa Honda Win lan  Honda Supra , dene enek sing ngaku ora keduman utowo urung entuk inventaris  , yo mungkin enek sing ora beres saat transisi peralihan kades lawas lan kades anyar.

Lan Naria Hutagalung sing ditelpon Heru Setyanto  njelasne' , Kades nek arep tuku kendaraan operational  Desa Iso dijupukne saka ADD , persoale tetukon mobil / sepeda Motor anyar iku keperluan mendesak opo ora..?

Lewat  Heru ,  Lan Naria uga ngomong , tuku kendaraan anyar sak jane iso iso wae sepanjang APBD tercukupi  , ananging sifate ,, pinjam pakai ,,  sing aturane njlimet tur butuh payung hukum sing jelas , tapi justru nek lewat ADD malah ora terlalu rumit lan kendaraan malah langsung dadi aset desa.

Rudi Hartoyo   nimbrung bab rencana Touring Kades ,  aksi Kadang Demang perlu didukung semua pihak , sebab obyek wisata iku perlu banget dipromosikan , ananging pelaksanane'  kudu tulus  , ojo nganti enek istilah  ,, Dibalik udang ada rempeyek ,, 

Njaluk opo wae entuk sebagai wujud aspirasi , ananging kudu ngerti kahanan , APBD sehat opo ora , tetukon ditengah pandemi patut opo ora , fungsine tuku kendaraan anyar wis mendesak opo ora , kabeh perlu dipikir sebab rakyat isih butuh perhatian liyo.

Rudi O' Anggota DPRD dari HANURA

Rudi O' nambah ake , Penjaluk' e Kades  tambahan ADD wingi wae nganti ngorbanke Mobdin  4 Pimpinan Dewan , mosok iki  ganti kumpulan Demang sing  arep  njaluk kendaraan ,, kan ane`h ,,   jare Rudi klecam klecem ambek guyon.

Sementara Pirang Pirang Kades sing dihubungi Media Pacitan Pos , malah ora podo krungu nek rencana Touring Kades tanggal 11 sesuk arep enek Penjaluk'an kendaraan Dinas Kades, aku ora pati krungu mas , jare Kades Wonogondo Indro.

Kades Tambak Rejo Winarno uga kaget anane' isu Kadang Demang Dibalik Touring duwe Penjaluk'an kendaraan operasional Desa , iku ora bener mas , rencana kegiatan Demang tanggal 11 murni kanggo ngikat Paseduluran antar sesama Kades dan keluarga  , mbok jajal sampean tekok  panitiane  Touring yo kui Kades Sambong Agus lan Kades Josari Tomo.

Sedang mantan salah satu  Kades ana pacitan , sesuai pengalaman  pesen marang Group Kadang Demang Pacitan , ojo nganti niat tulus Kadang Demang justru ditumpak'i tokoh tokoh tertentu kanggo kepentingane dewe,  sebab hal koyo ngono kui biasa ,saling memanfaatkan.

Sementara Kades Dadapan ismono ngomong , aku ora weruh mas yo muk krungu krungu  pesertane ora enek separo , mungkin merga musim udan iki dadi sepi peminat , jare Ismono diplomatis.

Nganti berita iki ditulis  , media urung iso hubungi panitia Touring Kadang Demang Pacitan , hp ne isih pada tulalit..  kabeh ( Gustik)













Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Yuh...wisata yo wisata tapi orausah diembel embeli njaluk motor oprasional...sing wingi Win karo Supra koyo wis diserahne nyang ndesa...

    BalasHapus