DIKEPUNG COVID SETAHUN MEDUN...GEMBRUDUG MULIH KAMPUNG - PACITANPOST

Sabtu, 11 Desember 2021

DIKEPUNG COVID SETAHUN MEDUN...GEMBRUDUG MULIH KAMPUNG

Peserta tour dari Surabaya siapkan acara wisata di Sentono Gentong.

Pacitan Post.11.12.021.
Saking stres dikepung Corona setahun medun , akeh wong pacitan sing lungo ana paran  pada mulih kampung ngiras pantes memanfaatkan Libur Natal lan tahun Baru 2022.

Enek sing  berkelompok numpak  sepedah montor ,enek sing nyarter travel lan enek sing gawa mobil pribadi , komunitas  keluarga sing akeh mulih kampung saka pantauan media ,  Surabaya , Jakarta , Jogjakarta ,solo lan sekitare.
Rata rata sing numpak  mobil pribadi Gawa sepeda ontel .

Obyek wisata sing paling akeh  diburu Pantai  lan obyek wisata sing menak dijangkau koyo Sentono Gentong , Banyu Anget ,  Pancer Door lan liya liyane.

Libur tahun iki prautan wajah wong mulih beda banget , sing mulih tahun tahun kepungkur happy lepas . Ananging sing  mulih tahun iki , ketok wajah wajah bar  tertekan.

Salah sijining wisatawan  ( suyono) saka Jakarta  , menyang media  ngomong , liburan tahun iki koyo enek sing ganjel mas , tahun kepungkur bojoku lan anakku  ijik melu liburan, Tapi tahun iki kabeh wis kapundut gusti Allah  merga Covid 19  setahun kepungkur , mulo iki aku sak dulur mulih muk endang wong tuwa , jebul konco koncoku  pacitan yo akeh sing terpapar corona.

 Wisatawan penuhi gasibo Sentono Gentong ..

Pada karo group Alumni SMP/SMA Pacitan lulusan tahun 75/79 sing ana Suroboyo.Jember.joga lan sekitare , alasan gembrudug mulih , disamping endang sanak sedulur uga pingin refresing sak bare pandemi mereda , bayangno mas setahun medun dikupeng corona , mumpung selo pulang kampung rame rame , jare Swan ditemoni media ning sentono gentong. Saking senenge kumpul , bocah wedok asli arjowinangun iku ale nyanyi ambal ping songo , jare Swan nguya ngguyu...

Diperkirakne Libur Nataru  kabeh obyek Wisata ana Pacitan bakal penuh sesak , Pantai Klayar.Watu Karung.Goa Gong lan banyu anget diperkirakan kebak.., maklum corona wis minggat...( Gustik)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda