ISIN...BMKG RAMAL TSUNAMI ...SING NJEBLUK GUNUNG SEMERU... - PACITANPOST

Sabtu, 04 Desember 2021

ISIN...BMKG RAMAL TSUNAMI ...SING NJEBLUK GUNUNG SEMERU...

Pacitan Ppos.05.12.021.
Mulo to mulo ,  nek ngramal ojo sok kebablasan , kabeh isi bumi iki sing gawe sing Kuasa ,  arep Stunami , arep Gempa , arep banjir  , iku kabeh titahe gusti Allah. Menungsa muk kari ngenggoni, ora gek ngramal bumi sak karepe dewe.

Coba nek kaya ngene iki , bola bali  sing diramal tekane tsunami , tapi  faktane  justru sing njebluk Gunung Semeru , opo ora isin ..jal.

Perlu di mangerteni , warga masyarakat pesisir kidul pulau jawa  , bola bali BMKG   mrediksi bakal diterjang stunami sing duwure 28 M  (ning mbleset).

Bareng kabeh  mbleset, ujug ujug seminggu kepungkur Ketua BMKG Dwikorita  paparan ning  Gedung Parlemen senayan Jakarta ,  ketua BMKG ngomong '  Pulau Jawa lan sebagian Sumatra berpotensi diterjang  tsunami sing duwure kiro kiro  8 Meter  ( sudo 20 meter karo ramalan pertama).

Seolah Gusti Allah koyo  ora trima , merga  bola bali diramal . Iki dino justru   Gunung Semeru  sing mbledos , Gunung sing maune rada anteng  , rong dina kepungkur mbledos hebat sing nyebabne  puluhan  kematian lan kerugian warga sing ora sethitik.

Kota Malang , kota Lumajang lan sekitare ketiban awu  panas gunung Semeru lan material panas liyane , nganti ngrusakne atusan bangunan , tanduran ana sawah lan pekarangan.

Sesuai informasi saka pemerintah Jawa Timur  , Gunung Semeru  telung dina sak  durunge  mbledos info ne  wis watuk watuk  disik ,  ananging merga watuk.e' gunung iku  hal biasa , kabeh warga ora grahito babar blas nek arep njebluk.

Bencana Gunung Semeru njebluk ndadekne kabeh prihatin , Pejabat Pemerintah Kabupaten , Propinsi lan Pusat gembruduk menyang kota terdampak memastikan korban ditangani kanthi apik lan cepet.

Sementara anane Gunung Semeru sing njebluk tapi dudu Tsunami sing terjadi , Ketua BMKG Dwikorita  iki dina blas ora njedul ana TV , mungkin sibuk mrono mrene utawa bingung karepe dewe.

Ananging LSM Bhineka Bangsa Pacitan sing diwakili Fary ora sepakat BMKG dikuyo kuyo  mung merga kabeh ramalane mbleset , Sebab  jare Fery Tugas BMKG pancen muk memetakan/ ora ngramal ,iki sing perlu diluruskan.

Gerakan BMKG lebih ditekankan bentuk antisipatif .Cuma Fery ngakoni , kadang oknum BMKG over dalam pemberitaan  , akhire  justru ndadekne warga masyarakat wedi lan panik , luwih luwih wektu kui pas usum pandemi...( gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda