KUMPULAN KADES SUKSES GULUNG ANGGARAN MOBDIN PEJABAT. - PACITANPOST

Rabu, 01 Desember 2021

KUMPULAN KADES SUKSES GULUNG ANGGARAN MOBDIN PEJABAT.

    Mobil Dinas Pejabat masih layak Pakai.

Pacitan, 01.12.021.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji trima ngalah ora sida tuku mobil Dinas Anyar , merga Kumpulan para Kades mberung ora trima dana ADD medun.

Kanggo nyukupi keperluan ADD sing jumlahe 5,4 M Bupati sepakat rencana tuku mobil Dinas Bupati, Wakil Bupati, Ketua DPRD lan 3 unsur Pimpinan DPRD senilai kurang lebih 3,6  dibatalkan .

Sakjane biyen , Bupati bola bali wis ngomong , ati ati terkait pengadaan Mobil Dinas Bupati   ditengah pandemi , iso iso digoreng mrono mrene dadi isu politik sing  dimainke pihak tertentu.

Lha tenan.....! mbuh  .disengaja opo ora Kumpulan Kades sak Pacitan gembrudug Protes nyang DPRD Pacitan kabeh Kades sepakat njaluk ADD ora dikurangi .

Akhire merga APBD Pacitan tahun 2022 mung terbatas , gelem ora gelem rencana anggaran tuku mobil Dinas Pejabat  Pacitan dikepras  kanggo ngabulke tuntutane para kades sing sempat mberung protes ning Gedung DPRD.

Bupati santai nyantab Bebek Goreng Gustik

Ananging , terlepas mberunge Kades iki maeng  krungu krungu enek sing nyetel kanggo kepentingan politik  tertentu  Bupati tetep legawa  ora sido ditukokne mobil anyar.

 Toh jare Bupati  ! sing ora sido ditukokne Mobil anyar ora mung  Bupati dewe , tapi Wabup lan kabeh  pimpinan DPRD yo baul ora sido nyawit mobil anyar , santai wae mas !   jare Bupati  ambek telap telep dahar Bebek Tulang Lunak Tirto Wening.

Keputusan mendadak Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji mbatalke tuku mobil Dinas Anyar diapresiasi kabeh warga masyarakat Pacitan , lha ngono lho pak , jare Sugiharto  mobil gampang tahun ngarep isih iso , Tenang saja mas Aji..sing penting piye carane Pacitan gek cepet maju ( gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda