MENGENAL PONPES PONPES MODERN KIAI KIAI SAKA PACITAN ANA LUAR KOTA. - PACITANPOST

Sabtu, 18 Desember 2021

MENGENAL PONPES PONPES MODERN KIAI KIAI SAKA PACITAN ANA LUAR KOTA.


Pondok Pesantren Nurul Islam Tegaran Semarang Asuhan Kiai Asal Pacitan yang juga Wakil Wali kota Salatiga M.Haris.

Pacitan Post,17.12.021.
Rata rata wong Pacitan nek njagong bab Pondok Pesantren , apale' mesti  Pondok Pesantren Termas , Ponpes Kikil  lan Pondok Pesantren Al Anwar Ploso Pacitan.
 
Padahal sakjane , Sanajan ora manggon  ana Pacitan  akeh para Kiai asal Pacitan sing duwe / mengelola Pondok Pesantren ana njaban Pacitan , misale ana Wonogiri , Solo, Malang  lan Semarang.

Ponpes Nurul Islam  Tegaran Semarang.
Conto riil , Ponpes Modern Nurul Islam Tegaran Semarang dikelola  Kiai Asal Pacitan Dr.H. Muhammad Haris SS.M.Si.asal desa Banjarejo Kebonagung Pacitan.

Miturut M.Haris Ponpes Nurul Islam Tegaran Semarang  saiki  tercatat  duwe Santri/ siswa 1762 , duwe Karyawan sekitar  360 pegawai  ,  Duwe 4  gedung   2 lantai  , klebu  masjid  megah dua lantai..alhamdulilah , ungkap  Kiai asli Pacitan sing uga njabat Wakil Walikota Salatiga 2 periode.

    Penampakan Masjid Agung Ponpes Nurul Islam  Tegaran Semarang,  pimpinan Kiai Asal Pacitan.M.Haris asal desa Banjarejo Pacitan.

Hebate ! Kiprah dakwah Putra  pasangan H.Widodo - Hj Siti Chotijah asal Desa Banjarejo Kebonagung iki ditiru sang adik H.Hamid Nur Yasin. 
Bocah enom sing saiki dadi Anggota DPR RI iki malah terhitung nekad lan  kendel , bayangno ! Kiai Hamid ngedekne Pondok Pesantren ana daerah abangan Wonogiri.

Pondok Pesantren sing jenenge Ponpes Al Huda  Wonogiri  Iki  ketok megah lan luas, informasi sing ditrimo Media , santri santri Pondok  Al Huda disamping santri lokal uga  akeh sing teka Luar kota Wonogiri , utamane  luar Pulau Jawa Sumatra , Kalimantan lan Sulawesi.

KH.Hamid Noor Yasin  beri pengarahan ke Santri yg datang dari luar kota beberapa waktu lalu.

Perlu dimangerteni , sak durunge kakang adi ( Haris lan Hamid ) duwe Pondok pesantren , ternyata  uga wis enek sing moncer ngedekne Ponpes Modern , yo kui Ponpes As Salam  Sukoharjo sing dikelola  KH Abdullah Marzuki sing asli saka desa Padi Tulakan Pacitan.

Ponpes As Salam  mulo bukane ngadeg  ,  awale lewat Usaha Percetakan  ,,Tiga Serangkai ,,  sing  wektu kui lagi moncer moncere. Saiki Ponpes As Salam berkembang dadi Ponpes elite ana kota  Solo  , informasine siswa  As Salam berkembang cukup pesat ,  santri santrine  akeh  sing saka luar negri.

Pondok Pesantren Modern As Salam Sukoharjo yang didirikan Kh Abdullah Marzuki asli Padi Tulakan Pacitan.

Dibanding Pondok Modern As Salam,  pancen Ponpes Nurul Islam Semarang  lan Ponpes Al Huda Wonogiri memang  urung sebanding , baik Fasilitas / jumlah Santri ,  Informasine Santri As Salam mencapai 8000 santri bahkan luwih.

Cuma bedane , KH Addullah Marzuki Ora terjun ana dunia politik , Tapi Kiai Haris lan Kiai Hamid justru sukses   ning dunia politik. 
Iki dino , KH.Muhammad Haris  njabat Wakil Walikota Salatiga - sekarang , sedang KH Hamid Noor yasin jabat Anggota DPR RI-sekarang.

Ribuan Santri Ponpes Modern As Salam Sukoharjo Jateng milik KH.Abdullah Marzuki asal Padi Pacitan.

Sekedar Kanggo refrensi ,  Kiai Kiai Besar asal Pacitan sing saiki kondang ana luar kota  ( KH M.Haris.KH.Hamid, KH Abdullah)  informasine memang kawit cilik dididik ngaji srana apik lan tekun saka wong tuane  , Kia Kia iku awale  ning paran uga  urip rekasa , enek sing mung dadi karyawan biasa , enek sing  mung dadi LSM  biasa lan enek sing mung ngenger wong liyo.

Ananging berkat ketekunan, kejujuran lan kesabaran , Gusti Allah paring amanah arupo pangkat , drajat lan kamulyan  marang ,, Trio Kiai Besar Asal Pacitan ,,  sing duwe Pondok Pesantren Modern ana njaban kota Pacitan.

Terkait urusan dunia  , Kia kiai Besar iku ora lali mbimbing marang putra putrine , disamping disiapke kanggo generasi penerus , uga disiapke kanggo gayuh urip kang mapan.

KH DR.Muhammad Haris SS.M.Si. kagungan putro 6  sing loro wis nyandang Predikat dokter yo kui dr.Ahmad Zaki Romadlon  lan  dr Salma Karimah.
Sedang adik'e  KH Drs Hamid Nor Yasin MM. duwe putra 5 ananging isih rada cilik cilik.

Putra Putri KH Hamid Nor Yasin Pimpinan Ponpes Al Huda Wonogiri.

Kiprah para Ulama asal Pacitan sing sukses ana luar kota ,panen simpati sing luar biasa saka tokoh lan masyarakat luas Pacitan , akeh sing mrinding karo kiai kiai sing mulo bukane dudu Putro Pondok Pesantren ananging saiki justru duwe Pondok Pesantren Megah ana luar kota.

H.Sugiharyanto misale  ,  tokoh masyarakat Pacitan sing uga putra mbarep Enggal Group  rumongsa mbegogok atine ,engatase dudu putro Kiai Pondok ananging duwe Pondok Pesantren Besar sekelas Ponpes As Salam, Al Huda lan Nurul Islam.

Bos Enggal Bird lan ACC Bird uga tambah salut merga  jebul ( KH Haris & KH  Hamid ) ternyata kakang adi asal Bajarejo Kebonagung .
Bos Enggal Babar iku uga tambah  salut ,sebab wong loro iku malah ana sing dadi Wakil Walikota Salatiga  lan Anggota DPR RI , sekalipun  berjuang ana njaban pacitan , toh kabeh bumine Pengeran sing penting isih wilayah NKRI , ungkap Sugik  ayo kapan kapan sowan ( Gustik)


































Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda