WONG PACITAN SETENGAH BINGUNG NONTON BAL , GARA GARA FANDI AHMAD. - PACITANPOST

Sabtu, 25 Desember 2021

WONG PACITAN SETENGAH BINGUNG NONTON BAL , GARA GARA FANDI AHMAD.

Fandi Ahmad  Family (Trio Singapura) darah Pacitan 


Pacitan Post, 26.12.021.
Sebagian wong Pacitan ,nonton bal balan setengah bingung yo lagi mambengi, gara garane muk enek  2 pemain Sepakbola Singapura  ( pranak' an ) wong Pacitan.

Perlu dimangerteni , Irfan Fandi Ahmad, Ilhan Fandi Ahmad lan  Ikhsan Fandi Ahmad (  kakang adi ) putra Pemain Sepak Bola Top Singapura darah asli asal desa Kembang Pacitan , wong tuane Fandi Ahmad mrantau ning singapura sekitar tahun 1950 an.

Sing Hebat  , wong tuane Fandi Ahmad (Ahmad Wartam  ) uga ternyata tercatat sebagai penjaga Gawang Nasional Singapura , siji sijine pemain Bola perantauan asal Pacitan Yo Ahmad Wartam ( Ibu lan Bapak'e Asli Desa Kembang) Pacitan.

Sedang  Fandi Ahmad dewe pernah dadi pemain top Niac Mitra Surabaya sekitar tahun 80 an .  Fandi Ahmad pernah mulih endang endang sedulure ana desa Kembang  Pacitan , wektu kui Fandi sempat diundang lan ditompo Bupati Pacitan Imam Hanafi.

Sekalipun njerone ati setengah bingung , pecinta sepak bola Pacitan mayoritas tetep dukung tim Nasional Indonesia , yo mungkin ceplok' e ora pati seru seru.
Koyo sing diomongke Sugiharyanto, aku ndelok bal balan  ,, setengah hati,, yo lagi iki ,  gara garane yo muk Fandi Ahmad wong Pacitan , jare sugek guya guyu.

Ikhsan Fandi Ahmad ternyata dadi  idola cewek cewek Singapura.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ngaku kaget nek 2 pemain Top Singapura ( Irfan-Ikhsan) pranak'an Pacitan , maklum wektu kui aku ijik cilik ,  mungkin aku isih SD utowo SMP  Fandi Ahmad mulih nyang Pacitan , tapi masio ngono sing penting Indonesia Menang, iku sing penting jare Bupati.

Hasil pertandingan Singapura Vs Indonesia akhire dimenangke timnas Indonesia 4:2.
Yo muk ndelok bal balan Nasional Indonesia iku  Ati ora pernah jenjem disik , mesti didisik'i ati dag dig dug sar...dag ..dig..dug ..sar...( Gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda