URUNG BAR ALE STRES MERGA VARIAN DELTA ...IKI TEKA ANYAR OMICRON..GEK KEPIYE...! - PACITANPOST

Senin, 03 Januari 2022

URUNG BAR ALE STRES MERGA VARIAN DELTA ...IKI TEKA ANYAR OMICRON..GEK KEPIYE...!

Lancur Anggota DPRD Pacitan tlaten kenakan masker warga.

Pacitan.03.01.022.
Iki dina menungsa urip kaya kaya ora tentrem , Lagi seneng setithik merga Covid 19 wis mulai minggat , iki malah krungu kabar Covid 19 bali meneh menyang Indonesia , klebu wis teka Surabaya Jawa Timur.

Ora tanggung tanggung , Covid 19 sing saiki nganggo klambi anyar ,, Omicron ,,  sesuai informasi  Pemerintah Indonesia wis enek wong 156 sing terpapar. Rata rata sing terpapar  ketularan wong lunga saka luar negri.

Jenis virus  anyar  Varian omicron , sakjane ,   sing paling okeh ijik  sumebar ana luar Negri , Eropa lan  Amerika Serikat, ananging gandeng wong lungo nyang luar negri ora kebendung, akhire termasuk wong  Indonesia dadi melu  ketularan masiho ijik setitik.

Terkait Virus Covid 19 jenis Omicron  pasien asal Surabaya  ( TYC ) miturut dr Erwin Astha awale ngeluh nyeri tenggorokkan seolah  kebak lendir.

dr Erwin uga nerangake , rata rata Virus Omicron nyerang tenggorokkan (ora nganti)  nyerang paru paru sing nyebabke sesak napas , tiorinya omicron tidak seganas Delta , tapi tulung ojo disepelekne , jare dr Erwin.

Amerika Serikat dewe sing klebu Negara paling okeh terpapar  virus jenis Omicron iki dina  nganti mbatalake 2600 penerbangan.  Pemerintah Amerika sesuai pengalaman  Varian Delta ora gelem kecolongan maneh mulo saben saben Bandara di awasi ketat.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji, njaluk marang warga Pacitan , tetep protokol kesehatan , sering cuci tangan, Mrono mrono tetep nganggo masker lan ngadoh saka keramaian.

Sekalipun miturut berita Nasional , Varian Omicron ora ganas koyo Varian Delta , himbauan Bupati Warga Pacitan  tetep  kudu  waspada ojo nganti disepelekne . Tulung nek gembreges , serik ning gulu gek ndang ndang digawa ning Puskesmas ben di Priksa.. .( Gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda