WARTAWAN HAMPIR TEWAS AKIBAT CROBOH PILIH SNACK .... - PACITANPOST

Sabtu, 29 Januari 2022

WARTAWAN HAMPIR TEWAS AKIBAT CROBOH PILIH SNACK ....

Snack kedaluwarsa yang diduga racuni wartawan..

Pacitan , 29.01.022.
Gara gara pingin mangan snack ana salah sijining  Toko gede  Arjowinangun,  wartawan media iki ( st) keracunan hebat sekitar jam 2.30 wib  ( 30/01).

Miturut critane si Wartawan , sekitar jam 21.00 wib  Bojone ngajak tuku jamu pegel linu  ana Sirnoboyo . Bubar tuku jamu   mampir toko gede sing biasa buka bengi ana Arjowinangun . 

Tujuan utama si wartawan muk tuku Rokok , tapi ujug ujug pingin Snack kering sing dibungkus kemasan werna  Ungu,ijo lan kuning.

Teka omah Mentoro ,  ( ST) klepas klepus udut ambi ngrungone Tipe Recorder kanti nyetel lagu lagu jawa kesenengane.

Gandeng ora iso turu , sekitar jam 2.00 wib si wartawan bukak snack sing ditukuku ana toko gede Arjowinangun.

Ambi temal temil mangan Snack sinambi nglaras lagu, lagi entuk sak gegem ale mangan,  ujug ujug Sirah munyeng hebat dibarengi gatel lan bentol sak awak kujur.

Wartawan mulai panik merga gulune mulai kaya ketekak , sementara bojone bingung arep gawa nang RS ora iso nyetir , bengak bengok ora enek wong  krungu.

Ndlalah udan ngrecih sesekali  gluduk , si wartawan nekad  ngangkrok wit Nam Naman sing ana buri omah , kebeneran enek sing awoh..lan buru buru dibrakoti sekitar patang iji..

Eling tangga duwe kambil sing diengggo dodol  masakan , didobrak Pintune saperlu nyuwun banyune gek ndang iso diombe.

ANanging marine penyakit kimaeng memang perlu proses, sementara si Wartawan soyo panik lan  ijik pingin urip .

Sementara bojo muk bingung karepe dewe nangis gedro gedro ora enek wong krungu akhire Si Wartawan  dikuat kuatke , diwanek wanekne nyetir mobil menyang RSD.

Sayang lagi arep genjot gas, tangan lan sikile wartawan wis dengkeli , jegreg mobil ora isa mlaku.
Akhire Si Wartawan mbrangkang mlebu omah maneh merga bojo ora kuat mbopong.

Seiiring gulu soyo koyo ditekak, awak semakin lemes  wartawan senior Pacitan iku pasrah marang Gusti Allah ,kanti tayamum ledu tembok ( stk)  shalat subuh ambi mlumah ana njogan , dadio mati wis shalat Subuh.....
Alhamdulillah tachiyat  akhir malah keturon, ngerti ngerti sekitar jam 7 esuk wis kecek, masiho saiki ijik ngrasakne lemes lan munyeng.

Rencana senen utawa selasa sesuk Wartawan koran iki bakal  klarifikasi  atas dugaan Snack sing mungkin kedaluwarsa tapi isih dipajang ana rak..../ Iso uga saka Jamu  sing sak durunge diombe.

 Peristiwa ini ditulis untuk pembelajaran bagi pembeli toko manapun agar memperhatikan tanggal kedaluwarsa.
Kemudian untuk penjual toko manapun agar barang barang yang sdh kedaluwarsa untuk tidak dijual karena ternyata sangat berbahaya sekali..( gustik korban dugaan Snack kedaluwarsa merga ED burek / jamu tradisional sing diombe sak durunge )





.













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda