20 MOBIL PENGGEMAR GP PACITAN BUDAL MANDALIKA.. - PACITANPOST

Jumat, 11 Februari 2022

20 MOBIL PENGGEMAR GP PACITAN BUDAL MANDALIKA..


Pacitan Post, 12.02.022.
Sekitar wong 100 penonton GP asal Pacitan bakal budal menyang Sircuit Mandalika Lombok Nusa Tenggara Barat.

Miturut Widiarto , rencana kabeh penonton budal saka Pacitan lewat darat numpak mobil pribadi , jumlah mobil kira kira 20 kendaraan via Pelabuhan Gili Manuk Banyuwangi  bablas Lombok.

Ditakoni bab biaya , jare Wiwit sekitar 20 juta  sak uwong , iku wis komplit , mangan , BBM , Hotel 5 hari ,karcis mlebu lan liyo liyone , jare wiwit .

Widiarto pemilik Rokok Sukses Alami sing uga duwe dulur ana Lombok , nambahne yen rombongan bakal budal ora bareng kabeh , enek sing budal seminggu sak durunge balapan , uga enek sing budal  4 dino sak durunge  jadwal balapan.

Perlu dimangerteni , balapan moto GP ana Mandalika dadi Heboh merga momentnya tepat , beda balapan moto GP ana sircuit Sentul Bogor tahun 80 an kurang heboh merga panggone celak Ibu Kota adoh saka distinasi Wisata Alam , tur wektu kui gawekne macet sekitar 10 km.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji jan jane pingin melu budal nonton , tapi berhubung duwe anak cilik mas Bupati baul ora sido budal , mesakne bojoku jare mas Bupati mesam mesem.

Bupati muk pesen, ning dalan ati ati ora sah kebut kebutan , syukur ning mandalika iso milang miling kegiatan warga lokal sing isa ditiru lan dikembangne warga Pacitan...jos.! Tenan nek kui...( Gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda