SWARA ADZAN DISANDINGKE KARO ASU NGALUP....MENAG PADA KARO NYUNDEP WONG NU. - PACITANPOST

Kamis, 24 Februari 2022

SWARA ADZAN DISANDINGKE KARO ASU NGALUP....MENAG PADA KARO NYUNDEP WONG NU.

Menteri agama RI Yaqut Cholil Qomas diharamke mlebu tanah Minang.

Pacitan Ppos , 24.02.022.
Polemik pernyataan Menteri Agama Yaqut Cholil  Qomas , sing nyandingke' Suara adzan karo Asu Ngalup bener bener gawe gaduh umat islam sak indonesia, termasuk Pacitan .

Menteri  Agama sing nota bene kader Nahdatul Ulama ( NU ) tulen,  seolah ora pati ngerti yen sing biasa  nyetel Corong mejid seru seru  iku akeh akehe'  wong NU , utamane daerah Madura lan tapal Kuda.

Masjid Masjid sing jamaah'e akeh wong Nahdiyin kawit jaman kawak udo  saben adzan , taraweh lan Tadarus mesti nyetel corong mejid seru , kok ( konon ) iki Menteri sing justru saka NU malah petingklangan nglarang adzan / toa seru seru , lan malah nyandingke Suara toa mesjid  karo Asu Ngalup /suara anjing menggonggong.

Budi sing aku  Wong Nahdiyin omong , iki Bener Bener keterlaluan pak Menteri  , maksud'e sih bener ,  nek sering nyetel tipe recorder  nganggo  swara njaba ganggu umat liyane , tapi yo ojo di analogikan swara Asu Ngalup to , suara toa masjid iku kan panggilan kebaikan , ojo gek ngawur dianalogikan   swara asu ngalup , jare budi warga NU asal  Pagotan Arjosari  Pacitan kesel , iki mungkin  wis tanda Akhir Zaman gus , akeh wong pinter keblinger , jare budi serius.

Menteri Agama Adik Ketua Umum  PB NU Yahya Staquf  kawit  diangkat dadi menteri  agama setahun kepungkur  sikape meh selalu  kontroversi,  Umpama koyo to pasang pohon natal ana loby Kementrian agama  padahal menteri menteri menteri sak durune ora nate pasang pohon natal , yo rapopo sih .

Sing paling gres maneh , bubar nurunke surat larangan adzan ora entuk disetel banter , iki dino Menag  nurunke surat edaran wong tadarus , taraweh ora entuk nganggo corong  swara Njaba , alesane ganggu tonggo teparo.

Sikap kontroversi terus menerus Menteri Agama sing nota bene wong pondok'an ora nyerminke wong iso ngaji , bahkan Abror sing nota bene Kader NU  tulen/ banser saka desa Sirnoboyo  rumongsa isin Menteri Agama sing koyo ngono kui,  jare Abror dihubungi Media lewat telpon.

Sementara Majelis Ulama Indonesia tetep dukung Swara Adzan lan liya liyane dibatesi swarane , cuma terkait Pernyataan Menag sing nyandingke  Suara Adzan karo suara Asu Ngalup, iku tanggung Jawab pak Yaqut dewe , MUI ora melu melu , jare Anwar Abas Wakil Ketua MUI.. 

Sedang Menag Yaqut , bola bali ngomong ning media , analogi asu ngalup  ora bermaksud  nglarang wong adzan ,puji pujian , tapi muk suara toa ne dicilikne , ora gek trus aku madakne wong adzan karo asu ngalup , jare Menag menyang pirang pirang media sing mewancarainya..( gustik,) 

Ojo lali ..yo...! nek luwe tur arep mangan enak, ojo mangan ning ndi ndi , tapi golek ono Resto Tirto Wening Mentoro Pacitan, ahli Bebek Nasional  dijamin puas ...he..he Iklan
 














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda