CERITA MATINE BUANA KELING DIKUDETA SAKA DULUR DULURE...FAKTA OPO DUDU. - PACITANPOST

Minggu, 20 Februari 2022

CERITA MATINE BUANA KELING DIKUDETA SAKA DULUR DULURE...FAKTA OPO DUDU.

Kuburan Ki Buana Keling di Banjarejo diduga bagian Kepala.

Pembaca ..! pada Edisi ke 3 ini Penulis menampilkan terbunuhnya ki Buana Keling dari sisi lain , yakni Ki Buana Keling yang konon dibunuh bukan persoalan agama , tapi dikudeta oleh saudaranya atau abdi dalem yang lain konon Ki Buana Keling berlaku kurang adil Dalam memimpin Kraton Wengker Kidul .

Pacitan Post , 21.02.022.
Crita liya  terkait matine  Ki Buana Keling memang enek pirang pirang Versi .
Ana Versi ke loro ( 2)  iki Ki Buana Keling jare dipateni sedulur dulure , utawa abdi dalem liya.

Miturut crita sing dikumpulke Media iki , Ki Buana Keling sing jare' isih kerabat Kerajaan Majapahit teka Pacitan memang sengaja mlayu saka Kraton Majapahit merga  ning Kraton ana pemberontakan .

Ki Buana Keling sing wektu kui kira kira umur  16 tahun  melu mlayu saka Kerajaan Majapahit ,, awal critane ,, sing dituju pada karo warga liyane ,  yo kui ana pegunungan Tengger .

Jare '/ konon   ! Kira kira ning Tengger 5 sasi , Ki Buana Keling diperintahke sedulur dulure nggawe kraton cilik ono daerah kulon. 
Kocapo ! Tanpoa umbal sak kecap 
Ki Buana Keling budal didampingi karo abdi kraton lan sedulur dulure sing tersisa ana pegunungan tengger.

Ki Buana Keling   mlaku numpak jaran  mengulon lewat daerah pesisir Lumajang Blitar ,v Tulung Agung  lan mengulon nganti teka Pacitan.

Awal mlakune Ki Buana Keling mengulon urung duwe tujuan arep urip ning daerah endi , Tapi pas lewat Gunung Limo  ,,miturut crito ,, Gunung  sing manggon ono tlatah Mantren iku goyang ( bergetar).

Ki Buana Keling sak dulur pada kaget , akhire disepakati Ki Buana Keling dikongkon  Topo 40 dino ( semedi) ana sak jrone Goa  cilik  sing ana Gunung Limo ,,saperlu, nenuwun marang Gusti kang Akaryo Jagad. 

40 dina suwene Puasa , Ki Buana Keling Badar , kanti petunjuk saka sing Kuasa nek daerah pesisir sing njorok mlebu ( Teluk Pacitan) kudu ngadeg Kraton Majapahit sing ana panggon  sisih Kulon.

Tanpa mikir dawa , Ki Buana Keling munggah Puncak Gunung Limo saperlu ngibarake Panji Mojopahit sebagai tanda ,, Daerah Wengker Kidul  Sak ngisore Gunung limo  ngadeg Kraton pengganti Majapahit ana sisih kulon sing ajejuluk Kraton Wengker Kidul.

Perlu dimangerteni , Panji Kraton Majapahit sing ditancepne ana puncak Gunung Limo , enek sing omong iku Panji Tunggul Wulung  tapi  versi versi liyane uga ana , terserah ale mbijeni ..sing jelas Panji Tunggul Wulung nganti saiki isih dipercaya enek lan isih sok diperingati kanti upacaya Nancepke gendera ana Puncak Gunung Limo.

Sampai disini  beberapa Versi matinya Ki Buana Keling , diambil dari Versi yang lain dari beberapa Versi yang ada , pada Versi ke 2 edisi 3 ini diambil dari cerita pergolakan Kraton Ki Buana Keling yang dipicu keluarganya sendiri , bukan diambil dari siar agama dari cerita Ki Maghribi...
Tulisan ini ditulis berdasarkan hasil investigasi para sesepuh pacitan sekitar tahun 1994 diantaranya dengan Eyang Sukoco Ayahanda Presiden Republik Indonesia ke 6 Bpk SBY ....Ditulis oleh Gustik ...bersambung ke Edisi 4

Jangan bilang anda nikmat di  Resto tempat lain sebelum anda menikmati Bebek Goreng Tulang Lunak Gustik di Resto Tirto Wening mentoro Pacitan..DIJAMIN SUPER PUAS


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda