GUBERNUR KHOFIFAH SUMRINGAH NANDUR MANGROVE , IKI WISATA ANYAR PACITAN HEBAT. - PACITANPOST

Sabtu, 19 Februari 2022

GUBERNUR KHOFIFAH SUMRINGAH NANDUR MANGROVE , IKI WISATA ANYAR PACITAN HEBAT.

Gubernur jatim , Bupati , Wakil Bupati.Dandim 0801, Kapolres  Pacitan lakukan penanaman pohon Mangrove di desa Kembang Pacitan.

Pacitan Post 19.02.022.
Ora enek sing ngiro babar blas , yen desa Kembang Pacitan bakal duwe obyek Wisata anyar sing Heboh.

Saking hebohe' , Gubernur Jawa Timur sak bubare nekani Hari Jadi Kota Pacitan ke 277 , Khofifah  nyempatne nandur Mangrove ana lokasi Mangrove Park  seberang Masjid Apung Pancer Etan.

Didampingi Bupati , Wakil Bupati ,Ketua DPRD ,  Dandim 0801 , Kapolres Pacitan Rombongan Gubernur  budal nyebrang numpak Prahu saka Masjid Apung menyang lokasi Mangrove Park Desa Kembang.

Gubernur lan Rombongan mlaku ana jembatan pring  ana lokasi Mangrove Park Desa Kembang.

Gubernur ketok injoy lan seneng nandur Mangrove , masiho muk nyeker ( ora nganggo sepatu ) Khofifah secara Simbolis nandur mangrove didampingi Bupati lan pejabat liyane sing melu teka ana area 20 ha Mangrove Park.

Bupati meh tibo  merga lokasi nandur wit mangrove  lunyu .

Gubernur Khofifah omong , yen wit Mangrove sing ditandur ana pinggir Pantai fungsine ora muk kanggo nahan abrasi , tapi fungsi utamane kanggo mecah / nahan gelombang laut umpama terjadi Tsunami sewaktu waktu , jare  Gubernur Wedok pertama kali  ana Jawa Timur.

Sementara Bupati Pacitan sing duwe Jargon Nyawiji Tumandang , rumangsa mbegogok atine nyawang wit Mangrove sing ditandur sak durune , jare Bupati saiki Mangruve  wis duwur duwur lan ketok ijo royo royo , pantesan nek dino libur akeh wisatawan teko kene  , jare Bupati klecam klecem.

Bupati lan Wakil Bupati mlaku ngarep mburi lewat jembatan Pring ana sekitar obyek Wisata  Mangrove Park.

Gubernur Jatim saking senenge , bali nyang Pendopo wegah numpak mobil , tapi pilih numpak prahu konting nyebrang bali menyang mejid Apung Pancer Etan , Aku tak bali lewat kali wae , suwe ra numpak prahu cilik , jare Gubernur ambi nyekakak guyon , ha...dew...( Gustik)













Bagikan artikel ini

1 komentar

  1. Casino Slot Machines - Jackson, MO - JT Hub
    Casino Slot Machines is located 오산 출장마사지 at 1495 구미 출장샵 W. 7th Ave, Jackson, MO 남원 출장샵 73203. Get Directions. Find Casino 충청북도 출장마사지 Slot 인천광역 출장샵 Machines.

    BalasHapus