PACITAN KLEBU 10 KOTA PALING MLARAT, TAPI URIP PALING BAHAGIA..?. - PACITANPOST

Selasa, 15 Februari 2022

PACITAN KLEBU 10 KOTA PALING MLARAT, TAPI URIP PALING BAHAGIA..?.

Bupati Pacitan Indrata NBA dan Sekda dalam sebuah kesempatan.

Pacitan Post,15.02.022.
Seminggu kepungkur,  ditengah Perayaan Hari Pers Nasional sing dipusatke ana Pendopo Kecamatan Punung ,  Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  ,, ngakoni ,, nek kota Pacitan   klebu 10 kota sing paling mlarat sak jawa timur.

Terkait penyebab e ' , Bupati wegah nduding Pemimpin lan Pejabat sak durunge , tapi predikat kota ,,mlarat ,, justru ndadekne' tekad Bupati   ,, Nyawiji Tumandang ,, bangun  kota pacitan sing iso disawang.

Wis ora usah nyalah - nyalahke Pejabat biye`n , merga saiki Bupatine Aku , sing tanggung Jawab yo Aku , jare Bupati ngunu.

Bupati Aji  uga ngomong  terkait Jargon  ,, Nyawiji Tumandang Pacitan Ben Iso di Sawang,,  gambarake  Pemimpin lan rakyat dadi siji bareng bareng mbangun kota Pacitan sing luwih apik lan luwih mulyo.

Tanpa peran Pejabat lan  masyarakat Pacitan  secara utuh , tangeh lamun kota Pacitan bakal iso disawang luwih apik.

Tapi nek kabeh gembregah insya Allah Pacitan bakal iso disawang samubarange ,
Iso  disawang pembangunane  maju , iso disawang Uripe mulyo , iso disawang wargane tentrem lan iso disawang Pacitan memang ,, OKE ,,

Hi
Terkait Penyebab Pacitan meroket' e 'dadi kota mlarat miturut informasi saka BPS sing dikutip saka media ( RM ) salah sijine akibat Pandemi Covid 19 lan Variable liyane.

Tahun 2019 penduduk miskin Pacitan ijik berkutat  sekitar 75.000 jiwa tapi tahun 2020 per Maret  munggah dadi 80, 000 jiwa .

Sayang tahun 2021 seiring Covid 19 mulai mereda ,, justru ,,  wong mlarat ana Kabupaten  Pacitan sang soyo tambah akeh dibanding tahun 2020 , saiki tercatat sekitar 84.000 jiwa ( 15.4 % ).

salah satu potret kemskinan di Pacitan.

Berita Kemelaratan Masyarakat Pacitan sing klebu 10 besar sak Jawa Timur ndadekne Prihatin Tokoh Masyarakat Pacitan .

Nur Suhud mantan anggota DPR RI 3 kali mengaku prihatin , ditengah perayaan Hari Jadi Pacitan kaping 277 , kota Pacitan isih klebu daerah miskin , iki mesti enek sing salah pengelolaan , mbuh sopo sing salah opo DPRD ne , opo Kepala Dinase ,  opo Bupatine , opo Programe , tulung  iki daerah SBY  lho ,pesan Nur Suhud diplomatis.

Ananging sanajan kota Pacitan klebu daerah kang mlarat , ning ojo lali uripe wong Pacitan klebu urip sing bahagia wargane , minimal ora nate mambu macet , ora nate enek kegaduhan , kotane aman , wargane  ,, mangan ora mangan ,,  tetep sumringah lan tabah  , iku pendapate Rudi Hartoyo lan Sediono anggota DPRD Pacitan...( Gustik)









 









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda