SAMBONG..MENCEKAM ..KHUNTILANAK UYAR UYUR ANA NGLABAN...MEDENI. - PACITANPOST

Selasa, 22 Februari 2022

SAMBONG..MENCEKAM ..KHUNTILANAK UYAR UYUR ANA NGLABAN...MEDENI.


Pacitan Ppos, 22.02.022.
Kira kira wis seminggu , dusun Nglaban desa Sambong geger merga enek Khuntilanak  uyar uyur saben bengi.

Berita anane Khuntilanak uyar uyur saben wengi ana dusun Nglaban Desa Sambong ndadekne geber warga dusun  sing kira kira wis seminggu iki pada ora wani metu bengi.

Jare  Nur , warga dusun Nglaban , saben bar magrib akeh omah sing pada Tutup , wedi nek Khuntilanak mulai metu , opo maneh rong dino kepungkur enek crito Khuntilanak sing arupo wong wedok gimbal ndeprok ono empere uwong , sing kebetulan sing duwe omah lungo.

Isu anane khuntilanak kluyuran ana Dusun Nglaban ndadekne warung warung ana sekitar desa Sambong bubruk , merga kabeh wedi Khuntilanak teka . 

Malah saking wedine , telung dino kepungkur enek wong wedok bar salat isak ana Langgar dusun mulih rukuhe urung dicupot kontan wong numpak sepeda motor arah  saka Gondosari bali cengkelak  saking wedine.

Joko Wahyudi mantan anggota TNI sing omah ana Nglaban , mbenerake yen iki dina dusun Nglaban Sambong mencekam , warung warung pada wedi buka , merga enek isu saben  wengi Khuntilanak nglabeng uyar uyur ndeprok ana empere uwong.

Saking berita anane khuntilanak nglabeng, wis ndadekne resah warga masyarakat desa Sambong arep nekakne pawang Khuntilanak asal Ponorogo , jare sang Pawang asal Ngebel Ponorogo iku wis biasa nyekel Khuntilanak.
.

Sementara Tokoh  Pemuda Muhammadiah Pacitan Bambang , njaluk polemik / isu anane Khuntilanak uyar uyur ana desa Sambong  diakhiri , iku isu sing nyesatne aqidah  , endi enek lelembut ketok moto , jare bambang mesam mesem.

Sedang Kepala Desa Sambong Agus , nganti berita iki ditulis urung isa dihubungi, ananging Pihak keamanan Desa lan Kantibnas Kecamata krungu krungu arep mudun , nenangke masyarakat sing wis kadung percoyo isu Khuntilanak nglabeng saben wengi , muteri omah omah dusun nglaban...( Gustik)

Ojo sok tukang pamer , Rezto liyo apik lan enak panganane , padahal enek Resto sing spektakuler..panggone menak , jembar lan panganane sak donyo ora nek liyane...iklan he he Risto Tirto Wening Mentoro..is the best









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda