ADUS KALI ..OBYEK WISATA FAVORIT KALI KLEPU.... - PACITANPOST

Selasa, 08 Maret 2022

ADUS KALI ..OBYEK WISATA FAVORIT KALI KLEPU....

Obyek Wisata Kali Klepu perlu penjaga kali

Pacitan Post Wisata , 08.03.022.
Obyek Wisata Pacitan saya suwe' saya akeh . Sing paling gres , Obyek Wisata Kuliner Kali Klepu Desa Karang Anyar Kebonagung.

Obyek wisata sing asline nonjolke kuliner Tradisional iku , jan jane nek dinilai saka potensi ,, obyek ,, dudu kuliner'e / pangana'ne' sing apik  , tapi malah suasana adus kaline sing paling menarik.

Kok iso...?
sebab kanggo wong   ndeso ,  memori adus kali iku ngelingke suasa jaman  cilik biyen  , saben saben bar sekolah bocah bocah jaman biyen ( gede cilik)  urung marem nek urung adus kali .

Kejaba perlune  ngising  ( BAB) , guyang sapi , guyang wedus ,  goleh cerek lan bal balan ana pede`n ,  Adus kali uga kanggo latihan nglangi tradisional sinambi playon lan ciblon rame' rame'.

adus kali bagian obyek wisata TOP Kali klepu Desa Karang Anyar Kebonagung.

Obyek wisata Pacitan sing macem macem akeh'e kimaeng , sing paling spesifikasi kanggo eling eling jaman ndisik yo muk obyek Wisata Kali Klepu.

Kaline ora pati jero , banyune bening , ora pati adoh saka dalan gede lan watu watune gedi gedi cocok kanggo selfi Ambyar.

Soal panganan sing didol ana warung warung sing bentuk'e unik , miturut wartawan koran iki  sing sekaligus sebagai pemerhati wisata , uga apik tapi didelok  saka segi ( rasa)  biasa saja alias pada karo sing didol ana pasar pasar tradisional.

salah siji bangunan kuliner obyek wisata kali klepu.

Mungkin nek wisatawan luar kota ,, ijik masuk" opo neh duit kanggo tuku panganan kudu dituker coin , iki hal unik .

 Yo muk nek oleh tak saranke  panganan sing di dol kudu bener bener spesifik ojo muk asal panganan sing rasane ngalor ngidul. 
Misale srabi yo koyo rasa srabi jaman ndisik tenan , sengkolon yo koyo rasa sengkolon jaman ndisik tenan .

Kades Pipit ,  sing wektu kui isih ana Jogja , membuka diri masukan saka pengunjung sapa wae , saperlu kanggo evaluasi lan kemajuan obyek wisata Kali Klepu sing iki dina lagi kinyis kinyis , ojo nganti bar boming langsung amblas...!  Merga ora evaluasi .

Sing kurang, mungkin guard utawa penjaga kali kudu ditambah  personile lan dilatih bab pengetahuan obyek wisata alam bebas , termasuk  pengawasan lan penggunaan aliran sungai kanggo obyek wisata umum. 

Wong renang ana kolam renang khusus beda banget kwalitas banyune karo renang ana aliran sungai.
Kolam renang khusus , jenis banyune wis stiril saka bakteri , tapi nek adus kali banyune campur bawur.

Sing paling penting kanggo pak Kades Pipit , penjaga kali  saben jam kudu evaluasi volume /debit air , ojo nganti banjir / banyu banter bocah renang ijik dientuk'i ciblon.

Sing paling terakhir , kondisi aliran lan lingkungan obyek wisata sungai  ojo nganti klebon kewan opo wae sing iso nderbalani pengunjung, Insya Allah Obyek Wisata Kali Klepu Desa Karang Anyar Kebonangung dadi obyek Wisata Alam sing iso ngelingke bocah biyen seneng ciblon .

Ojo lali nglangi ana kali , yo kui  jenis olah raga renang bebas paling tradisional,   sehat  lan klebu  nglatih pernapasan sing kuat , ojo nyang endi endi teka wae ana obyek wisata Kali Klepu....ditulis oleh Gustik, Pemilik / Ketua Redaksi Pacitan Post , perancang / kontraktor  obyek wisata Goa Gong , konsultan air kolam renang wono wening Wonogondo dan owner Kuliner Bebek Tulang Lunak ,,GUSTIK ,, TIRTO WENING RESTO MENTORO PACITAN .

BEBEK.. BEBEK ...BEBEK ..BEBEK GUSTIK















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda