ANGGOTA DEWAN SIRAHE WIS MULAI MUNYENG...PEMILU SOYO CEDAK. - PACITANPOST

Selasa, 29 Maret 2022

ANGGOTA DEWAN SIRAHE WIS MULAI MUNYENG...PEMILU SOYO CEDAK.


Pacitan Ppos, 29.03.022.
Pemilihan Umum kurang rong tahun , ananging Dewan Dewan wis mulai sambat cepak cepak banda / biaya kanggo golek biting tahun 2024.

Sing repot ! Akeh akeh anggota Dewan isih duwe tanggungan bank srana gadekne SK selama  5 tahun , Mulo anggota dewan sing olehe duit muk saka gaji  sebagai anggota Dewan iki dina rada kerepotan merga wis kepotong Bank.

Tapi bagi anggota Dewan sing wis sugih sak durunge , mungkin ora begitu bermasalah bab biaya tukon biting tahun 2024.

Arif Setyo Budi ketua Fraksi Partai Demokrat Pacitan, ngakoni nek wektu kurang rong tahun iki wis mulai ketir ketir , sak ora orane  mulai atur strategi , minimal wis ora iso tuku tuku barang barang sing ora penting , rodok ngerem disiklah  ,rong tahun iku cedak ,jare Arib gguya guyu.

Sementara Pujo Setyo Hadi ngaku ora terlalu mikir  tahun 2024, engko yo engko saiki yo saiki, sing penting karo rakyat tetep cedak , Ketua Komisi IV DPRD Pacitan sing wis 20 tahun dadi anggota Dewan, ngaku  optimis konstituan daerah pilihane Punung Donorojo tetep setia, ananging yo perlu ati ati sebab persaingan soal biting tahun 2024 soyo ketat , jare pujo santai.

Rudi Hartoyo sing tetep setia budal saka Hanura , ngaku tetep optimis sekalipun budal saka Dapil Neraka - Pacitan Kota.

Perlu dimangerteni , Dapil  sing ditinggal tokoh Legendaris ana  loro ( 2). Yokui Dapil 5 ( Ngadirojo-Sudimoro) sing ditinggal Gagarin, merga kepilih dadi Wakil Bupati lan Dapil siji sing ditinggal Indrata Nur Bayu Aji merga kepilih dadi Bupati Pacitan.

Diyakini biting biting sing ditinggal  Bupati Lan Wakil Bupati bakal dadi rebutan ana dapile masing masing.

Miturut kabar manuk , dapil 1 ( Pacitan- Pringkuku) pengganti Indrata Nur Bayu Aji bakal muncul tokoh Kontroversial Kades Arjowinangun ( wiwit Bagong).

Sementara dapil V , nganti dina iki urung enek kabar tokoh Golkar sing bakal ganti Gagarin ,minimal tokoh kudu sepadan , jare Nano sing nurut berita uga bakal maju Dewan , tapi saka dapil 1.

Pemilu tahun 2024 pancen ijik rada adoh , ananging sekalipun ijik rada adoh cukup gawe munyeng 'e para tokoh sing bakal nyalon anggota Dewan , halah embuh pak sirahku mulai nyut nyut , jare Kimpul ..( gustik)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda