GROUP 4 SEKAWAN DILANTIK KADINAS,DIDIK ALIH SEKWAN, - PACITANPOST

Jumat, 18 Maret 2022

GROUP 4 SEKAWAN DILANTIK KADINAS,DIDIK ALIH SEKWAN,

suasana Pelantikan Kepala Dinas dan lain lain di Pendopo sore ini.

Pacitan Post 18.03.022.
Sekalipun adoh saka isu tuku jabatan , tapi group 4 sekawan wis diprediksi bakal diangkat dadi Kepala Dinas Kabupaten Pacitan.

Group 4 sekawan sing identik ( Suparlan  Kadinas PU. Turmudi Kadinas Pariwisata , Heru Tunggul Kadinas Kimpraswil . Bambang Mahendra Kadinas Kominfo) ditambah Didik Alih sing diangkat Sekwan DPRD.

Awan iki (17/03) dilantik Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ana Pendopo agung Pacitan . Melalui proses ujian Lelang Jabatan  rong sasi sak durunge.

Muhammad Yunus sing ditemoni Media , ngomong proses pegangkatan Kepala Dinas Penting ana Pemkab Pacitan berjalan mulus lan lancar , fair ora nganggo ana isu isu tuku jabatan, kabeh berdasarkan nilai ujian , jare Yunus .

Terkait group empat sekawan , Yunus menolak istilah iku , merga selain wong papat uga ana liyane , termasuk ibu Jayuk Kepala BKKBN , Heri Setiyo Kepala Bapemas lan Ahmat Taufan Kepala Dinas Purpustakaan Pacitan.

Saka Pantauan Media lan bikin kaget , Didik Alih sing lagi diangkat Kepala Bagian Perekonomian , sore iki diangkat sebagai Sekretaris Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupaten Pacitan .
Sedang Rudi Hartoyo sing sak durunge dadi jabatan Sekwan naik pangkat dadi Asisten 2  Sekda Kabupaten Pacitan.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , disamping nglatik 8 kepala Dinas uga nglantik Jabatan jabatan liyane , termasuk Yudo sing diangkat dadi sekretaris  Dinas PUPR

Sambutan Bupati muk singkat , sing penting kabeh ASN sing tak angkat sore iki , kudu kerja sesuai norma PNS sing wis enek , ojo nglakoni korupsi lann pinyimpangan liyane...( Gustik)

Bebek.....bakar ..bebek ...goreng....pas ning ati.




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda