JAMAN SOEHARTO RAMADHAN WARUNG MANGAN TUTUP.. JAMAN NOW .? - PACITANPOST

Rabu, 30 Maret 2022

JAMAN SOEHARTO RAMADHAN WARUNG MANGAN TUTUP.. JAMAN NOW .?


Pacitan Ppos, 30.03.022.
Sak elek elek'e jaman Soeharto mimpin Indonesia  selama 32 tahun ,saben saben ngadepi wulan Ramadhan warung mangan dikongkon tutup utawa buka tapi bagian ngarep ditutup terpal .

Maksud'e Pak Harto ,mungkin  kanggo menghormati wong kang nindak'ake ibadah siam ana wulan Ramadhan.

Ananging jaman saiki  wis beda maneh', warung mangan , Kafe , tempat hiburan lan liyo liyane  bebas buka kapan wae sekalipun wulan Ramadhan.

Bahkan Majelis Ulama Indonesia ( MUI) sing biasane getol larang Restoran buka,  iki dina sarujuk Pemerintah Indonesia ,kabeh Rumah Makan wulan  Ramadhan tahun 2022 ora perlu tutup , tapi ora entuk mamer mamerke panganan sing dipajang.

KH Cholil Nafis Ketua Majelis Ulama Indonesia omong ,  Ramadhan 1443 Hijriah tak perlu ganggu kegiatan wong liyo, kuliner tetep jalan , tapi ojo ditonyol tonyolne marang wong kang poso , jare KH Nafis.

Perubahan Radikal terkait kuliner buka/tutup  sasi Ramadhan tahun 2022 ternyata nuwuhne pendapat  pro lan kontra.

Kiai Maksum  ngomong  , soal kuliner tetep buka opo tutup ana sasi Ramadhan sakjane ora terlalu prinsip dibahas , toh jamane Pak Harto masiho warung akeh sing tutup nyatane yo ora enek sing keliren utawa mati merga Ramadhan.

Sakjane himbauan Warung Makan Tutup saat Ramadhan iku muk edukasi / saling menghormati antar sesama dalam ibadah, minimal bocah cilik cilik sing puasa ora tergoda panganan sing didelok. 

Saiki jajal suk nek Ibadah Nyepi , opo yo enek himbauan Pemerintah warga oleh kluyar kluyur saat nyepi ning Bali , yo diteteni wae..jare Kiai Maksum diplomatis.

Pemerintah Indonesia terkadang bahas hal hal sing ora terlalu penting , sing justru gawe keributan tembe mburine , la iyo jajal suk nek enek uwong protes ,, Perayaan Nyepi ning Bali warga muslim  entuk kluyar kluyur sak geleme, trus piye jal ? Wis monggolah jare Haji Maksum.

Kiai Maksum njaluk marang umat muslim kabeh ana Yuswantara , ngadepi perkembangan jaman sing berubah rubah kudu Sabar lan Tawakal , ora perlu nglawan pemerintah ,tapi berserah diri marang Gusti Allah , sebab muk Gusti Allahlah kabeh menungsa bali.

Jagad sing gawe Gusti Allah , Drajat lan jabatan sing duwe Gusti Allah , Rejeki sing duwe Gusti Allah , rasah terlalu dipikir jero,  eling dawuhe gusti Allah Urip ana Donyo iku muk sandiwara ...( Ditulis oleh gustik pemimpin Redaksi Pacitan Post sebagai edukasi jelang ramadhan)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda