PERSAINGAN GOLEK BITING DAPIL V MULAI USREK LAN PANAS. - PACITANPOST

Kamis, 24 Maret 2022

PERSAINGAN GOLEK BITING DAPIL V MULAI USREK LAN PANAS.


Pacitan 25.03.022.
Pemilihan Umum ijik rong tahun , nanging anggota Dewan wis mulai usreg) bingung ale arep golek lan mempertahankan  biting. 

Kondisi usreke'  calon anggota Dewan khusus'e tingkat Kabupaten miturut pantauan media uga  klebu daerah Pacitan.

Ana Kabupaten Pacitan sing paling ketok persaingane  ana Dapil V Ngadirojo Sudimoro.

Hal iku dimaklumi , mengingat Dapil V ditinggal tokoh legendaris'e Gagarin sing saiki njabat Wakil Bupati Pacitan.

Tokoh tokoh politik mbuh kui anyar utawa lawas iki dina wis mulai persaingan sing kadang menjurus ora sehat.

Misale' ! enek anggota DPRD ngenekne giat ana Dusun/Desa ( A ) , liyo dina Anggota DPRD sijine wis kebakaran jenggot nandingi kegiatan liyane sing rada gede.

Nek mung nyaingi giat sih rapopo tapi nek wis nebar fitnah iku sing garahi intil intilku lara , keluh  anggota Dewan sing isin disebut jenenge .

Dapil V sing meliputi Kecamatan Ngadirojo lan Sudimoro Pancen selama iki terjadi persaingan keras antar tokoh/ politikus.

Ning daerah Dapil V enek tokoh tokoh populer , Hariawan ST ( Nasdem) Heru Puspo. Tumardi ( Demokrat) .Heru Setyanto ( PDIP) Subroto ( PKB),Bambang lan Priska Panjaitan  ( Golkar) siji sijine bocah wedok.

Dalam kontek Persaingat biting , nek ndelok obahe tokoh pancen sing kepontal pontal Priska , sebab urung pati suwe ngadeg dewan janji arep obah sitik wis ketlorong tokoh saingane.

Tentu wae Tokoh Dewan  Wedok sing ayu dewe sak Dapil V iki maeng enek'e mung judeg lan bingung.

Tapi Prisca ngomong , aku ora bingung kabeh obahku tak pasrahne sing gawe urip , dene konco liyane ngidak ngidak obahku , wis monggo .

Ditakoni  wartawan  , opo ora pegel mbak dikuyo kuyo tokoh persaingane ? Halah ora mas monggo , masyarakat saiki wis pinter pinter , sing tulus karo ora masyarakat wis do ngerti , seolah nyindir tokoh saingane.....( Gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda