TRADISI GUGUR GUNUNG APIK APA ELEK...? - PACITANPOST

Sabtu, 19 Maret 2022

TRADISI GUGUR GUNUNG APIK APA ELEK...?

Warga Dusun Kedawung Mentoro gugur gunung saben ngadepi puasa Ramadhan.

Pacitan Post 20.03.022.
Saben saben ngadepi sasi poso  Ramadhan  , umum'e warga Pacitan ngenekne' tradisi Gugur Gunung /reresik kuburan .

Cuma ! , Istilah Gugur Gunung pancen ora enek sejarah sing iso ngungkap , diarani lucu yo entuk , diarani lepas kontek yo iso , diarani ora tepat yo iso.

Umpama didelok arti Bahasa Asli sing bener : Gugur artine mati , Gunung Artine Lemah duwur.
Umpama digathukne utuh ,  Gugur Gunung artine  mati ana lemah duwur.

Jenenge wong ndisik ,  mungkin amrih ale' menak  ngarani , reresik ana kuburan diceluk GUGUR GUNUNG.

Ananging istilah Gugur Gunung  iso dienggo  (jika  ) reresik kuburan dilakoni wong akeh / massal sing biasane dikomando Dusun / desa.

Sebab nek reresik kuburan muk dilakoni personnal / keluarga ,  jenenge' dudu gugur gunung ,, ananging nyekar biasa,,.

Gugur Gunung Tradisi opo tuntunan..?
Jeneng' wong urip ning dunyo kui macem macem , pola pikir'e beda beda , adat pun yo bedo bedo , enek sing ngomong sirik , enek sing omong bid'ah uga enek sing omong tuntunan kanjeng Nabi.

Miturut Penulis ,, Gugur Gunung/Reresik Kuburan,, mbuh kui tuntunan utawa tradisi sing jelas manfaat'e akeh  banget , sak ora orane' :
1.
Kuburan dadi resik , ora silu lan ora angker , minimal  wong liwat ora wedi.
2.
Kuburan ora dadi sarang nyamuk lan omah kewan liar , malah nek ning kutho gede' kuburan digawe' taman sing indah , wong nyekar dadi nyaman.
3.
Manfaat nyekar dadi eling marang bapak lan ibune  lan sedulur sedulure , sak ora orane iso dongakne lan introspeksi diri toh suk bakale yo pada mati.
4.
Memang siji sing derbalani lan dosa gede' , nek nyekar njaluk neko neko  karo wong mati , njaluk karomah munggah drajat lan pangkat , njaluk murah rejeki ,  bahkan enek sing uga njaluk nomer buntut utawa ramalan liyane , iki jelas salah lan Syirik 

Prinsip Gugur Gunung / reresik Kuburan iso dilestarekne' sepanjang adap reresik kuburan diperhatikan , ora entuk cengangapan / guyon, nek perlu doa nganti nangis , eling  wong tuwa  sing gulo wentah saka cilik .sing paling penting maneh eling kabeh bakale  nusul mati.

Terkait wong sing ora mathuk lan ora setuju , dihormati wae ! ora sah cuh cinu cuh merga kabeh duwe dasar dewe dewe , 
Sebab , nek Wong Islam gembrejeg dewe' dewe' malah ora becik , kesenengan wong liyan sing ora seneng karo wong islam.

Umat Islam bakal bejo lan mlebu suarga , nek saben saben Ramadhan teka , ati resik , iman mlater , sadaqah banter , shalat bener , islam kaffah sak lawase..( ditulis Gustik Pimpinan Redaksi Pacitan Post Group ....

Beebek Bakar , Bebek Goreng , Ayam Bakar, Ayam Goreng...iklan maneh)


























Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda