WIJI MATI KECEMPLUNG KALI ...? - PACITANPOST

Kamis, 24 Maret 2022

WIJI MATI KECEMPLUNG KALI ...?

Evakuasi Jazad korban kecemplung kali Demeling Purworejo.

Pacitan, 24.03.022.
Jazad Wiji sing kecemplung kali Grindulu sore iki maeng wis isa dievakuasi masyarakat Demeling Purworejo dibantu Tim Polsek Kota lan BPBD Pacitan.

Jazad Wiji sing menurut keterangan warga Demeling kenek penyakit stres ditemokne kesangkut wit witan ana njero kali grindulu.

Soal kapan kecemplunge kali ,Kabeh Warga Demeling ora pati weruh merga korban sering banget menyang kali , tapi wiji rong dino pancen ora ngetok , eh ngerti ngerti enek salah sijining warga ( I) kaget enek mayit ngambang kesangkut wit ambruk ana pinggir kali.

Merga wedi kesalahan warga sekitar lapor Polisi , dibantu Linmas lan warga jazad wiji iso dijupuk lan langsung digawa menyang RSD Darsono Pacitan sekitar jam 18.00 wib.

Nganti  berita iki ditulis , jenazah Wiji isih ana Rumah sakit Darsono Pacitan nunggu otopsi.
Sedang pihak Rumah Sakit mbenerake ana kiriman jenazah wong wedok (51) kecelakaan sungai , maaf nunggu sik yo mas dokter sing arep otopsi ijih shalat magrib ,,terang petugas RSD sing ora gelem disebut jenenge ( gustik)

HANYA ADA DIRESTO TIRTO WENING MENTORO ..BEBEK GORENG BEBEK BAKAR TULANG LUNAK...

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda