LHA PANTESAN.. MINYAK GORENG LANGKA.. WONG DIDUGA DIBEGAL DIRJEN PERDAGANGAN. - PACITANPOST

Selasa, 19 April 2022

LHA PANTESAN.. MINYAK GORENG LANGKA.. WONG DIDUGA DIBEGAL DIRJEN PERDAGANGAN.


Pacitan Post Group 
Moral Pejabat Indonesia pancen meh kaya gambles kabeh , ora duwe kawelasan babar blas karo wong cilik.

Bayangno, meh setengah tahun wong cilik disengsarakne uripe merga kabeh barang kebutuhan pokok larang regane, utamane minyak goreng.

Kejaba larang regane , minyak goreng sempat ilang ning pasaran ditimbun para pedagang  merga ndisik ale tuku larang.

 Rata rata pedagang podo ngaku , terpaksa nimbun minyak goreng sementara waktu ( merga ) wegah rugi sebab ale  kulakan ndisik larang..

Ternyata saiki wis konangan , sebagian besar minyak goreng dalam negri dieksport menyang luar negri besar besaran lan ugal ugalan.

Eksportir kerja sama karo Kementrian perdagangan . Moduse , eksportir nyogok surat ijin persetujuan eksport.

Saiki kabeh begal minyak goreng wis podo ditetapne sebagai Tersangka  Kejaksaan Agung , klebu Pentolan Kemendag ( IMM Dirjen Kemendag).

Kejaba Dirjen Kemendag sing ditetapne tersangka uga enek wong telu (3) sing ditetapne tersangka , kabeh petinggi Perusahaan  Eksportir.

Miturut keterangan Jaksa Agung Burhanuddin , modus begal minyak goreng ,, berusaha nyogok,,  surat ijin Eksport sing diduga  menyang Dirjen Kemendag , padahal meh kabeh perusahaan Eksportir kui maeng pada ora duwe ijin Eksport.

Dasar Dirjen mental begal , kabeh perusahaan sing ora duwe ijin iki maeng  diwenehi rekomendasi eksport minyak goreng nyang luar negri.
Akibate , Stock minyak goreng dalam negri kolab.

Rakyat njerit merga minyak goreng langka tur regane ugal ugalan , akeh warung makan tutup merga bahan baku minyak goreng sing dibutuhne rakyat cilik ora enek ning pasaran...eh ternyara dibegal oknum Kementerian Perdagangan lan pengusaha edan ( gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda