SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI SING DISALAH GUNAKAN. - PACITANPOST

Jumat, 22 April 2022

SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI SING DISALAH GUNAKAN.


Pacitan Ppos 21.04.022.
Gara gara kakehan Group , akhire  akeh no hp pribadi sing disrobot wong liyo kanggo tujuan kriminal.

Korbane wis mbuh mbuh akehe , kadang enek sing dienggo njaluk bantuan keuangan , enek sing dienggo mbobol bank , enek sing dienggo naksir cah wedok , enek sing dienggo nyolong pulsa  lan modus liyo liyane.

Koyo sing dialami ida, bocah asal Tulakan iki ngaku  NO HP tiba tiba dienggo wong liyo , dienggo njaluk bantuan duit nyang sedulure, untung sedulure waspada.

Mulo saking bahayane modus kriminal saka No Hp bajakan ( hack) masyarakat dihimbau ora usah kakean mlebu group sing ora pati jelas anggotane , salah salah data pribadi  iso dicolong wong liyo.

Himbauan iki disampaikan , Mahendrawan Kepala Dinas Komunikasi dan informasi ( Kominfo)  Kabupaten Pacitan , teknologi informasi sing semakin canggih lewat aplikasi HP  kadang  nek ora ati ati data pribadi sing ning njero hp disalah gunakan wong liyo , tegas mahendra.

Sementara korban no hp pribadi dibajak wong liyo  soyo suwe soyo akeh, masyarakat dihimbau ngati ati terkait penggunaan HP..,ojo kakean mlebu group sing ora jelas anggotane...( Gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda